Kaca:Het boek Adji Såkå.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ing ngriku sami suyud sadaya. Anunten Ajisaka nganggit cariyosipun Rama Déwa, ingkang angratoni kethék nagarinipun ing Poncawathi, kala mengsahan kaliyan Rathu danawa ing Ngalengka.

Saking Keling Ajisaka wangsul dhateng ing Shélan malih, lajeng dhateng ing Shigelang. Wonten ing ngriku amumulang ngélmi, sarta anganggit cariyosipun Bana Putra ing Lokapala. Laminé anggénipun wonten ing Shigelang satus tahun, nagari ing Shigelang sampun kaeréh, sakathahing titiyangngipun sampun sami ngéstokaken ngélminipun Ajisaka. Lami-lami Ajisaka késah saking Shigelang, sumeja dhateng tanah Jawi. Wonten ing margi angampiri pulo ing Lampung, kaliyan ing Shokadana, titiyang ing pulo kakalih punika sampun sami suyud sadaya. Sareng sampun kendel sataun andumugékaken lampahipun angancik tanah Jawi, anama ing Ujung Kolan tanah ing Banthen, wonten ing ngriku amumulang sakathahing tembung : sarta ngélmi panitisan, titiyang ing Ujung Kolan sami suyud anggepipun Ambathara : sarta asih lulut.

Wontenipun sastra Jawi : sandi :  sutra :  keling : sarta sastra kerendha, punapa malih condro sangkala, inggih Ajisaka ingkang nganggit, kala samanten ing Ujung Kolon deréng wonten Rathunipun, Ajisaka badhé kadamel Rathu, nangnging boten purun amung dipun sebut Panembahan Bathara Adi kéma