Kaca:Het boek Adji Såkå.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

n karsanipun Gusthi Allah anitahaken Rathu, ingkang ngepel tanah Jawi, putranipun Sang Watu Gunung, ajujuluk Prabu Sindhula, bagus wignya sekti, kéringan sapulo Jawi, lelembat ing tanah Jawi sami ajrih sarta kumawula. Alami panjenengnganipun, tata gemah arja ingkang nagari. Sang Prabu kangungan putra sakawan, ingkang pambajeng: Éstri ayu jumeneng Rathu wonten ing Nusa Tembini, balanipun sami Éstri, panengakkipun kakung bagus anama Dewatha Cengkar, punika ingkang badhé anggentosi Rathu. Pandhadhanipun anama Déwatha Pamunah, dados Adipati wonten ing Madunten, wuragilipun anama Dewa Agung, dados Bupati wonten ing Bali. Putra pandhadha akaliyan wuragil wau saben mongsa angaturi bulu bekti dhumateng ingkang rama. Ananging Déwatha Cengkar mungkar, amongsa tiyang, sarta purun dhateng ingkang rama, kalampahan dipun tundhung saking nagari.  Déwatha Cengkar lajeng ngraman anglempakaken tiyang, lajeng ayasa kadhaton wonten ing Medhang Kamolan, balanipun sampun kathah, nagari sapangétan sampun sami teluk sadaya, amargi kawon ing perang kaliyan Déwatha Cengkar sekti. Ing mangké karsanipun badhé mengsah ingkang rama. Sadhérékkipun kakung kakalih boten angrembagi, nanging Déwatha Cengkar kekah ing karsa, amepak balanipun, tiyang Bang Wétan dipun kerig sadaya. Sarêng tengara mungel barisipun bodhol, anglangkungi agengngipun, tiningalan kados rêdi latu lumampah.