Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Unggah-Ungguh Jawa

Dening: Fandy Aprianto Rohman


Unggah-ungguh Jawa, tata krama minulya

Mulangaké suba sita saben ing tembungé

Micara alus, kebak kurmat lan tresna

Marang wong tuwa, kang tansah anteng


Tansah dhungkluk nalika ketemu

Tandha kurmat marang kanca lan mitra

Èsem lan sapa aruh ora naté kendhat

Ya kuwi urip kang kebak tresna


Marang wong tuwa, micara kang ati-ati

Ngurmati kanthi andhap asor

Asta ing ngarep, ngemu patrap tata krama

Unggah-ungguh iki gawé tentreming ati sarta batin


Sinau unggah-ungguh, aja lumuh

Urip dadi tentrem, ora ana padudon

Tansah ngurmati marang sapepadha

Budaya Jawa iki pancen nomer siji


Ayo kita jaga lan terus disinaoni

Supaya unggah-ungguh ora bakal sirna

Kanthi tulus eklas karumat bebarengan

Budaya Jawa kanggo kita sedaya



Kadang Taruna​

8