Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Lurik Ngayogyakarta

Dening: Iwan Dwi Aprianto


Kain lurik lan bathik karantam éndah

Rasukan Ngayogyakarta, èdi lan pèni

Karasuk kanthi becik, kebak makna

Warisan leluhur kang kebak carita


Ana blangkon kanggo para priya

Iket cara Jawa, kanggo rerenggan mustaka

Kain bathik mulet ing awak kang manis

Awèh sengsem sopan, alus, lan tresna


Kebaya alus kanggo para wanodya

Kajait kanthi rasa tresna, warna kang muncar

Karasuk kanthi èsem kang tulus lan bungah

Nggawa hawa suka sajroning jangkah wening


Dudu mung rasukan, nanging ajining urip

Nuduhaké suba sita, tata krama, lan susila

Mulangaké tansah tepa slira

Lumantar rasukan tradhisi kang ngemu basa


Ayo kita uri-uri bebarengan

Aja nganti ilang, rumaten selawasé

Kanthi bombong dianggo, dijaga, lan dirumat

Supaya budaya Jawa tetep sentosa lan lestari



Kadang Taruna​

7