Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Gamelan Nuswantara

Dening: Fandy Aprianto Rohman


Klonèng gamelan kaprungu alus

Swara-swara éndah teka ketemu

Gong lan saron, kendhang lan bonang

Laras nyawiji unining keprungu


Gamelan unining lirih ing talingan

Angiring beksan, uga carita bangsa

Saka Jawa, Sundha, Bali, kabèh ana

Unining gamelan kang kebak makna


Nyawang ibu lan bapa beksan kanthi luwes

Ngetutaké irama kang kebak laras

Gamelan mulangaké kita guyub

Urip rukun, kebak irama bagya mulya


Unining alunan, mawisik supeket

Warisan adi luhung leluhur

Ayo kita jaga, kita rumat bebarengan

Supaya unining gamelan ora sirna ing donya


Gamelan Nuswantara, swaraning kita sami

Ngrabuk tresna, tentrem, lan suka cita

Kanthi ati bingah kita unèkaké ing saben wanci



Kadang Taruna​

6