Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Wayang lan Carita Kaprawiran

Dening: Iwan Dwi Aprianto


Wayang kulit uga wayang golèk

Carita kaprawiran, kebak pitutur kang becik

Awan bengi, dhalang ngudhal piwulang

Babagan kabecikan, kaprawiran kanggo manungsa


Ana Janaka, Semar, lan Gathutkaca

Prawira Jawa kang sentosa lan wicaksana

Kang tansah mulang muruk, supaya tansah jujur

Kekancan memitran kang becik lan tansah rukun


Ayo kita ngreksa wayang iki

Aja nganti ilang, kita kudu hangrungkebi

Nonton bebarengan, tuturaké marang liyan

Supaya wayang tansah mukti, saben ari



Kadang Taruna​

​

5