Kaca iki wis dikorèksi
Gurit Climen
Égrang
Dening: Iwan Dwi Aprianto
Égrang
Rong lonjor empring, dak cekel kanthi sentosa
Sikil kaangkat, ati kumendel
Jangkah maju, senajan ana wedi
Jangkah sepisan, adhuh ngati-ati
Jangkah alon, teka imbang lan bisa ngadeg!
Kanca-kanca padha surak, keprok gumyak
Égrang gawé kita kendel, bungah, lan gagah
Ayo padha dolanan égrang, dijajal bebarengan
Padha tulung lan jurung, supaya ora tiba ing lemah
Dolanan gumyak, tradhisi tetep lestari
Égrang mulangaké semangat lan rasa kendel!
Kadang Taruna
4