Kaca iki wis dikorèksi
Gurit Climen
Budaya Jawa Warisan Nuswantara
Dening: Fandy Aprianto Rohman
Budaya Jawa éndah lan misuwur
Tuwuh ngrembaka saka simbah butut tumeka anak putu
Ana bathik, gamelan, uga beksan tradhisi
Ayo kita jaga, kanthi tulusing ati lan tumandang gawé
Beksan wayang kulit, uga wayang golèk
Carita-carita luhur, kebak makna pandonga
Kita digegulang kurmat, sabar, lan setya
Ya kuwi warisan kita, saka Jawa kanggo donya
Ayo padha diuri-uri, aja nganti mati
Supaya budaya Jawa tetep kuncara
Bebarengan kita jaga, bebarengan kita rumat
Supaya éndahing budaya, tansah bisa dirumat
Kadang Taruna
3