Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Èngklèk kang Nyenengaké

Dening: Novalia Herawati


Ayo padha kumpul ing lapangan

Ana garis kothak, baris kang dawa

Dolanan èngklèk kanthi ramé

Mlumpat ing kothak, sikil siji ditantang


Nguncalké wingka ati-ati

Supaya pener ing kothaké dhéwé

Banjur mlumpata, ayo jumangkah

Imbangaké, aja kalah


Sikil siji, banjur lumayu

Kothak mbaka kothak diliwati

Yèn tekan poncot, aja dumèh

Dolanan bareng, seneng bareng!


Èngklèk mulangaké supaya guyub

Gentènan dolanan, gentènan mlumpat

Padha nyemangati marang mitra

Guyon surak keprungu ing pinggir dalan


Ing ngisor panas utawa edhumé uwit

Èngklèk tetep nyenengake waé

Tradhisi lawas kebak kenangan

Nggladhi kita padha kekancan



Kadang Taruna​

14