Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Gobag Sodor

Dening: Erlyndita Setyawardani


Ayo dolanan, ayo dijajal

Gobag sodor kang nengsemaké

Mlayu cukat mrana-mréné

Ucul saka kang jaga, ayo digolèki!


Ing lapangan cilik, ana garis-garis

Mlayu kanthi semangat, aja nangis!

Kang jaga siyaga ngadhangi dalan

Lumpatana, aja mandheg


Ana kang jaga, ana kang mlayu

Gobag sodor kebak réka-réka

Sapa kang lincah, sapa kang cukat

Mesthi menang, ora kesisih!


Kanca padha bengok, “Ayo cepet!”

Sadurunge kang jaga saya semangat

Kanthi jangkah alon, ati-ati

Nuju garis pungkasan, bisa enggal menang!


Gobag sodor pancen nyenengaké

Gawé kita sentosa lan luwih prigel

Gegulan kakendelan lan uga guyonan



Kadang Taruna​

12