Menyang kontèn

Kaca:Gurit Climen (Anggitan Kadang Taruna).pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Gurit Climen


Macapat Lestari

Dening: Erlyndita Setyawardani


Sinau macapat kuwi nengsemaké

Cakepan éndah, nentremké ati

Ayo tetembangan, ayo sesenengan

Panguri-uri iki bakal terus kèlingan


Senajan keprungu basa kuna

Nanging welingé tansah padha

Andum rasa, kebak hikmah

Supaya kita urip tentrem lan bungah


Macapat ora ilang lan ora bakal pasrah

Ing tembé buri kang cerah

Ing tangan kita, macapat lestari

Sajarah Jawa tetep abadi



Kadang Taruna​

11