poen angger-angger. Mila mekaten amargi saking ajahanipoen angger-angger mesti badé boten wonten tijang kasampoernakaken.
17 Nanging menawi sampéjan kalijan koela ingkang sami ngangkah kasampoernakaken wonten ing Kristoes, inggih sami kepanggih dados tijang dosa pijambak, poenapa Kristoes temah dados kawoelanipoen dosa? Poenika amesti boten.
18 Awitdéné menawi ingkang sampoen koela gempoer poenika koela bangoen malih, dadosipoen koela nélakaken bilih koela pijambak kelepatan. 19 Sabab margi saking angger-angger koela poenika sampoen pedjah toemrap ing angger-angger, soepados gesanga loemados ing Allah.
20 Koela sampoen nḍèrèk kasalib kalijan Kristoes, sarta sampoen sanès koela ingkang gesang, nanging Kristoes ingkang gesang wonten ing koela. Déné sepinten gesang koela wonten ing daging samangké, poenika enggèn koela gesang srana pitados doemateng Poetranipoen Allah, ingkang sampoen ngasihi koela saha sampoen masrahaken sariranipoen krana koela.
21 Koela boten nampik sih-rahmatipoen Allah. Oedjer menawi wontena kasampoernan margi saking angger-angger dados sédanipoen Kristoes poenika tanpa damel."
aj. 16: Ms 130:3; 143:2; PR 13:38, 39; Rm 3:20, 28; 8:3; GI 3:11; Ef 2:8; Tt 3:5; Ib 7:18, 19.
aj. 19: Rm 6:2, 11; 7:4, 6; KI 2:20; 3:3; Ib 9:14; 1 Pt 2:24.
aj. 20: Mt 20:28; Jo 13:1; Rm 4:25; 6:6, 13; 8:37; 14:7; 2 Kr 5:15; GI 1:4; Ef 5:2; F1 1:21; 1 Ts 5:10; 1 Tm 2:6; Tt 2:14; Ib 9:14; 1 Pt 4:2; 1 Jo 3:16.
aj. 21 lb 7:11.
1 Eh wong Galati kang tanpa boedi, sapa ta kang njenjințoeng marang kowé, kongsi pada ora klawan ngèstokaké ing kajektèn ? Mangka Jésoes Kristo es enggoné kasalib ikoe woes kaja katon ana ing pasawanganmoe.
2 Kang arep daksoemoeroepi saka ing kowé moeng saprakara iki baé: Enggonmoe pada nampani Roh ikoe apa awit saka ajahané angger-angger, apa saka pangoenḍanging pratjaja?
3 Teka nganti semono enggonmoe pada tanpa boedi. Sawoesé miwiti Roh, apa saiki kowé pada moengkasi klawan daging?
4 Apa nglaha baé enggonmoe woes pada ngalami nganti semono ikoe? Ija jèn moeng mandega nglaha baé.
5 Anadéné kang nggandjar Roh marang kowé sarta nindakaké kasektèn ana ing kowé, ikoe apa awit saka ajahané angger-angger, apa saka pangoenḍanging pratjaja?
aj. 1 G1 2:5; 5:7.
6 Oepamané kajata: Abraham koemandel marang Allah, mangka ija ikoe kang kaétang dadi kasampoernané.
7 Kang ikoe kowé pada soemoeroepa jèn wong kang wewinih saka ing pratjaja, ija ikoe kang dadi para poetrané Abraham.
8 Anadéné Kitab sarèhné woes mirsa dingin jèn Allah bakal njampoernakaké bangsa kapir awit saka pratjaja, moelané ing maoené woes ngoendangaké Indjil marang Abraham, dawoehé: Sakèhé para bangsa bakal pada kaberkahan srana sira.
9 Dadiné wong kang wewinih saka