roengoe lan kodeleng ana ing akoe, ikoe pada lakonana. Anadéné Allah kang kagoengan tentrem rahajoe bakal nganți marang kowé.
10 Banget boengahkoe ana ing patoenggilané Goesti, déné wasanané ing samengko kowé pada kegoegah manèh kaélinganmoe marang akoe. Dasar kowé ija kaélingan oega, moeng pada ora kaoer.
11 Temboengkoe mengkono ikoe ora awit saka ketjingkrangan. Sabab moenggo eh akoe iki woes nggegoelang marem ing sakaanané awakkoe.
12 Nandang asor akoe bisa, nandang kamoektèn ija bisa. Ing sedéngaha patrap lan moenggoeh ing samoebarang akoe woes poetoes. Ija bab kewaregan, ija bab keloewèn. Ija bab nandang kaloebèran, ija bab nanḍang katjingkrangan.
13 Samoebarang akoe kelar marga déning Pandjenengané kang ngoewataké akoe: Kristoes.
14 Semono ikoe ija prajoga déné kowé pada nglaboehi ing karoebedankoe.
15 Kowé wong Filippi ija pada soemoeroep oega, jèn nalika wiwitané enggonkoe martakaké Indjil saangkatkoe saka ing tanah Makedoni, ora ana pasamoean kang mèloe ing pepétoengan karo akoe bab leboe-wetoening doewit, kedjaba moeng kowé déwé.
16 Awit dalah nalika ana ing Tessalonika sepisan-pindo akoe ija wis kokirimi kanggo ing kaboetoehankoe.
17 Ora-orané jèn akoe njoeprih ing pawèwèhé, nanging kang daksoeprih ikoe wohé kang saja moendak akèh dadi bagéanmoe ing pétoengan.
18 Akoe woes ketjoekoepan samoebarang, malah kongsi keloebèran. Akoe keblaboeran sawoesé nampani pakirimmoe kang loemantar saka Épafroditoes, kang minangka ganda aroem, koerban saosan kang nengsemaké, kang ketrimah ing Allah.
19 Anadéné Allahkoe bakal njekap ing sakaboetoehanmoe kabèh, moerwat saka kasoegihaning kamoeljané ana ing Kristoes Jésoes.
20 Allah ija Rama kita kaloehoerna ing salawas-lawasé, Amin.
21 Salam pandongakoe maranga sakèhé para soetji ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes. Para sadoeloer kang mèloe akoe pada kirim salam marang kowé.
22 Sakèhé para soetji pada kirim salam marang kowé, loewih manèh kang keleboe para abdiné Sang Praboe.
23 Sih-rahmaté Goesti kita Jésoes Kristoes noenggila ing kowé kabèh. Amin.