gilané Goesti. Akoe menawa mindoni enggonkoe noelis marang kowé ikoe ora dadi pakéwoeh marang akoe, déné ingatasé kowé dadi moendak katemtoeané.
2 Pada ngawasna bangsa asoe, ngawasna para wong kang ala garapané, ngawasna ing pamboentoengan.
3 Awitdéné kang djeneng tetakan ija ikoe kita kang pada ngabekti ing Allah klawan Roh, kang pada nggoenggoeng moenggoeh ing Jésoes Kristoes, lan ora ngandelaké daging,
4 sanadyan moenggoeh akoe iki doewé wenang oega ngandelaké daging, jèn ta ana wong lija kang roemasa doewé wenang ngandelaké daging, akoe iki loewih manèh.
5 Enggonkoe tetak oemoer woloeng dina, dasar trahing Israèl, saka taler Binjamin, wong Ibrani asal Ibrani, moenggoeh ing angger-angger dadi wong Farisi,
6 bab kataberèn, nganti ngoejaoeja marang pasamoean, bab kasampoernan kang moenggoeh ing angger-angger, woes dadi tanpa tjatjad.
7 Nanging apa kang dadi pakolèh marang akoe, ikoe woes dakanggep kapitoenan krana Sang Kristoes.
8 Malah sanjatané dalah samoebarang kabèh dakanggep kapitoenan krana saka kang linoewih prajogané, ija ikoe wanoeh marang Kristoes Jésoes Goestikoe. Krana Pandjenengané enggonkoe nrima ketoenan ikoe maoe kabèh, lan dakanggep larahan, soepaja akoe olèha bați Kristoes,
9 sarta ketemoea ana ing Pandjenengané ora ndoewèni kasampoernankoe déwé kang saka ing angger-angger, nanging kang marga saka pratjaja marang Kristoes, ija ikoe kasampoernan kang saka ing Allah landesan pratjaja.
10 Soepaja akoe soemoeroepa marang Pandjenengané, ija marang sawabing woengoené, ija bab nglaboehi ing sangsarané, temahan mada roepa lan sédané,
11 moega-moega akoe bisaa njandak ing patangèn saka ing antarané wong mati.
12 Adja ketenta jèn woes dakgegem, oetawa jèn akoe woes sampoerna. Nanging dakboeroe moega-moega ija ketjanḍaka, moelané mengkono awit akoe ija woes ditjandak déning Kristoes Jésoes.
13 Hé para sadoeloer, akoe déwé doeroeng roemasa jèn woes njandak.
14 Moeng saprakara iki: klawan lali marang kang ana ing boeri lan mangloeng marang kang ana ing ngarep, akoe mboeroe kang tinoedjoe ngarah marang gandjaran bang-bangané timbalan kaswargan kang saka ing Allah ana ing Kristoes Jésoes.
15 Kang ikoe kita sepira kang woes diwasa mara pada ngrasakaké kang mengkono ikoe. Déné menawa ana pangrasamoe sédjé apa-apa, ikoe Allah ija bakal nglairaké oega marang kowé.
16 Moeng ing ngendi kang woes kita tekani, mara pada noetoegaké lakoe kita noenggala waton, noenggala pangrasa.