adja moeng samasa adoe-arep karo akoe baé, malah loewiha manèh saiki moempoeng akoe adoh.
13 Awitdéné ija si sedya, ija si panggawé, ikoe Allah kang noewoehaké ana ing kowé ing sakeparengé.
14 Samoebarang pada lakonana ditanpa nggroendel lan tanpa soewala,
15 soepaja pada dadia moeloes lan pasadja, dadia para poetrané Allah kang tanpa tjatjad ana ing satengahé bangsa kang keblinger lan mblasar. Anamoe ing antarané wong ikoe pada nelahi kaja damaring djagad,
16 klawan ngandemi ing pangandikané oerip, dadi djalaraning panggoenggoengkoe bésoek dinané Kristoes, jèn ora nglaha enggonkoe loemajoe lan ora nglaha enggonkoe kangèlan.
17 Malah sanadyan getihkoe ngantia diesok kakantèkaké ing koerban leladèné pratjajamoe, ikoe akoe boengah lan mèloe boengah karo kowé kabèh.
18 Kaja mengkono oega kowé ija pada boengaha, lan mèloea boengah karo akoe.
19 Nanging pangarep-arepkoe klawan soeméndé ing Goesti Jésoes, énggal bisaa ngongkon Timotéoes nemoni kowé, soepaja akoe ija ajema atikoe samasa oleh wartané kaananmoe.
20 Awitdéné akoe ora doewé wong manèh kang pada kaja ikoe boediné, kang toememen enggoné bakal ngopèni kaperloeanmoe.
21 Sabab kabèh pada ngoepaja kang moenggoeh ing awaké déwé, ora kang moenggoeh ing Kristoes Jésoes.
22 Déné kowé pada soemoeroep ing tanggoné, jèn wis kaja anak marang bapa enggoné ngréwangi ing pangabdikoe marang Indjil.
23 Ija ikoe kang arep dakkongkon toemoeli, bareng akoe woes weroeh bakal kadadéané awakkoe.
24 Nanging pangandelkoe marang Goesti, akoe ija bakal énggal nekani déwé.
25 Moeng dakdoega ija perloe ngongkon sadoeloerkoe Épafroditoes, réwangkoe ing gawé lan kantjakoe prang, ija kongkonanmoe kang ngladèni ing kakoerangankoe, dakpoerih, nemoni kowé,
26 awit banget kangené marang kowé kabèh, sarta was-was marga kowé pada keproengon enggoné ketjandak lara.
27 Dasar ija maoené lara nganti mèh mati, nanging Allah kagoengan welas marang déwèké, lan ora ngamoengaké marang déwèké baé, ija marang akoe oega, soepaja adja kongsi toempa-toempa prihatinkoe.
28 Kang ikoe enggoné dakkongkon moenḍak dakénggalaké, soepaja kowé pada boengaha manèh marga ndeleng sadoeloermoe maoe, lan akoe soedaa prihatinkoe.
29 Moelané tampanana ana ing patoenggilané Goesti klawan saliring kaboengahan, lan wong kang kaja mengkono ikoe pada adjènana.
30 Sabab krana saka ajahané Sang Kristoes enggoné mèh toemeka ing pati maoe, marga ngetohaké oeripé, pamoerihé njampeti koerangé enggonmoe pada ngladèni akoe.
1 Karodéné manèh para sadoeloer koe, pada boengaha ana ing patoeng-