Menyang kontèn

Kaca:Filippi.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

karoesakan marang wong maoe, nanging ingatasé kowé ngalamati karahajon, toer ikoe saka karsané Allah.

29 Marga kowé ikoe pada kaparingan sih, ora ngamoengaké pratjaja baé marang Kristoes, malah ija nandang sangsara oega krana saka Pandjenengané.

30 Oedjer taroengmoe ikoe pada kaja kang woes kodeleng ana ing akoe bijèn, lan samengko koroengoe wartané moenggoeh ing akoe.


BAB 2.
1--4. Pepéling moerih anḍap-asor.

1 Kang ikoe menawa dasar ana pepéling ing patoenggilané Kristoes, menawa ana panglipoering katresnan, menawa ana patoenggilané Roh, menawa ana piwelas lan palimirma,

2 bok pada nggenepana boengahkoe, dipada saroedjoek, pada toenggal katresnan, toenggal boedi lan toenggal pangrasa.

3 Adja ana pratingkahmoe kang awit saka demen padoe oetawa saka mboeroe pangalem, nanging marga saka anḍap-asor wong sidji nganggepa kinatjèk marang sidjiné katimbang karo awaké déwé.

4 Adja kongsi saben wong moelat kang moenggoeh ing awaké déwé, nanging ija moelata oega kang moenggoeh ing wong lija.

5--11. Bab toeladané Kristoes Jésoes.

5 Pangangen-angenmoe dikaja kang dadi panggalihé Kristoes Jésoes,

6 kang woes ngagem sipaté Allah, ora roemaos njahak jèn maḍanana Allah,

7 éwadéné ngroetjat kamoeljané, amarga ngagem sipaté boeḍak, dadi pepadané manoesa.

8 Lan woes pinanggih maoedjoed manoesa bandjoer ngesoraké sarira, amarga enggoné soemoejoed kongsi nglampahi séda, malah séda kasalib.

9 Moelané ija diloehoeraké kang loewih banget déning Allah, lan diparingi Asma kang pinoendjoel saka saroepané djeneng,

10 soepaja klawan njeboet Asmané Jésoes sakèhing dengkoelé para kang ana ing swarga lan kang ana ing boemi toewin kang ana ing sangisoré boemi pada djèngkènga,

11 lan saroepané ilat kabèh paḍa ngakonana jèn Jésoes Kristoes kang djoemeneng Goesti, moerih kaloehoerané Allah Sang Rama.

12--18. Pangatag-atag marang kasoetjèn.

12 Kang ikoe para kekasihkoe, dikaja enggonmoe salawasé woes mitoehoe, pada mrasoedia wetoené karahajonmoe klawan wedi lan geter,