12 Nanging karepkoe para sadoeloer, kowé pada soemoeroepa jèn moenggoeh tinemoekoe malah kongsi ndadèkaké oenḍaking sempoeloeré Indjil.
13 Temah ing antarané sagolongané bala keparak lan wong lija-lijané kabèh woes tetéla soemoeroepé jèn enggonkoe dadi lelaran ikoe krana saka Kristoes.
14 Sarta para sadoeloer kang akèh pada toewoeh koemandelé ana ing patoenggilané Goesti awit saka enggonkoe dadi lelaran, kongsi pada moendak tatag enggoné nglairaké ing pangandika tanpa melang-melang.
15 Ana oega wong sawenèh kang pada nglakoni awit saka drengki lan demen padoe, padoe, nanging sawenèh manèh ija pada ngoendangaké Sang Kristoes klawan djoemoeroeng.
16 Kang dingin maoe enggoné martakaké Sang Kristoes ikoe awit saka demen padoe, ora nganggo éklas ing ati, kang kasedya: moewoehi sangsara marang enggonkoe dadi lelaran.
17 Balik kang kari ikoe awit saka tresna, marga pada weroeh jèn akoe kapatah ngoekoehi marang Indjil.
18 Kang ikoe keprijé? Kajaa apa baé ija kelakon Kristoes kawartakaké warna-warna patrapé, dadia nganggo wrana, dadia klawan satemené, déné ikoe ndadèkaké boengahkoe. Malah akoe ija bakal boengah,
19 marga akoe soemoeroep jèn ikoe maoe bakal ndadèkaké rahajoekoe srana pandongamoe lan marga saka pambantoené Rohé Jésoes Kristoes.
20 Kaja kang dadi tjoemengkloengé atikoe lan pangarep-arepkoe, jèn akoe bakal ora kawirangan ing sedéngah apa, malah jèn klawan ing sablakané, pada kaja salawasé mengkono oega saiki, Kristoes bakal kaegoengaké ana ing badankoe, dadia srana oeripkoe oetawa srana patikoe.
21 Sabab jèn ta moenggoeh akoe: oerip ikoe ija Kristoes, mati ija begdja.
22 Nanging menawa oerip ana ing daging, ikoe moenggoeh akoe migoenani ing ajahan. Déné apa kang bakal dakpilih, ikoe akoe ora ngarani.
23 Moeng akoe kapetek déning rong prakara iki: akoe kepéngin ngoekoed bandjoer noenggal karo Kristoes. Awit ikoe kang pinoendjoel betjiké.
24 Nanging mbandjoeraké manèh ana ing daging ikoe loewih perloe moenggoeh ingatasé kowé.
25 Mangka awit saka pangandelkoe mengkono ikoe akoe soemoeroep jèn isih bakal kasamboengan oemoer lan noenggal karo kowé kabèh, ndjalari ing kaoendakan lan kaboengahanmoe ing bab pratjaja,
26 soepaja woewoeha kang minihi panggoenggoengmoe marang Kristoes Jésoes ingatasé akoe, marga saka enggonkoe ana ing antaramoe manèh.
27 Moeng kalakoeanmoe dikaja kang njondongi Indjilé Sang Kristoes. Soepaja, dadia akoe teka lan ketemoe kowé, dadia adoh, akoe ngroengoe wewartamoe, jèn kowé pada mantep toenggal roh, lan toenggal boedi pada sabijantoe lakoe taroeng krana pratjaja marang Indjil,
28 sarta pada ora kaget pisan-pisan mengkono ikoe ngalamati bakal déning kang pada nglawan. Kang