Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
87

Wiwaha : .,,Kados-pundi djeng, kang putra rak sampun saras ta?”

A.W. : ,,Sampun kamas, kalijan matur nuwun pisan anggèn-kula tansah dados damel-pandjenengan".

Wiwaha: ,,Ah, sampun ta, punika kuwadjiban-kula — Hsss, Bam. Hss, botjah iki ṭik, ana apa ta kowé, keri aku”.

Dènaju Dokter : ,,Ana apa ta kowé Bam, ah, apa-apa kok didilat, ah djidjik ta. — Empun ta mas, diandapaké. Ngendikané ora pareng dibopongi baé, malah sok ndukani kang Kalinṭung botjah pidjer dibopongi baé, mengko rak ngadi-adi botjahé. La niku kok malah dibopong ḍéwé ?”

Wiwaha mangsuli karo mèsem : ,,La jén sing mbopong bapakné kena baé ta. Ja liek, ja?”

Bambang mung krontjak-krontjal baé, Tangané ngaṭung marang wong sing njengoh lungguh ing sopiran, jaiku kekasihé, Kalintung. Déné Kalintung uga ngaṭungaké tangané, karo umak-umik. Saking bungahé Kalintung lali jen ana wong lijané Bambang, ora ngrasa lan mreduli babar-pisan marang wong lija-lijané kang pada njawang marang anggoné petjutja-petjutju préngas-prèngès ndolani momongané. Kabèh paḍa ngampet gujuné, mung Dr. Wiwaha kang rada keseron sing ngguju. Kalinṭung kagèt andjenggirat, menṭelengi marang kang ngguju ḍèwèké, nanging djebul Wiwaha, mula bandjur mèlu ngguju pisan, klètjutan rada isin.

Wiwaha : ,,Ja, ngati-ngati jèn botjahé ngadi-adi, sing salah kowé kjai”.

Dénaju: ,,È, mbok nggih kadjengé pak, katresnan sadjagad niki mbok digolèki, rak boten paḍa kalih katresnané kang sopir teng anaké, mula botjahé luluté boten djamak".

Wiwaha: ,,O, kuwi manèh, wong kang Kalinṭung kok ko-réwangi, sida ora ana wong olèh njeḍaki anakmu temenan.”

Kabèh pada ngguju.

Wiwaha : ,.Wis ta kang, kowé balia ḍisik. Aku arep mèlu mlaku-mlaku seḍéla.”

Kalintung : ,,Inggih. Ndara mas, ḍisik ngga.”

Bambang : ,,Eng. Ṭung...... èlu ......".