Wajah djam lima soré panasė kuța Semarang wis ora sumelèt manèh. Ing ratan geḍé ramé banget swaraning tetunggangan lan wong liwat, isih pating bleber kaja ana sing diojak. Tumrap kuța gedé kaja déné Semarang mau, mangkono iku wis lumrah banget. Mung ing kampung-kampung ana aḍèngé sawetara. Mula wong-wong kang kepéngin mlaku kepénak ja kudu milih dalan tengah pakampungan, Èwadéné meksa isih petukan tetunggangan sidji loro.
Ing kampung Sompok Baru, ing tengah kampung ana dalan gasik gumrining, lentjeng dawa, seḍengan dohé menawa kanggo mlaku- mlaku perlu mung golèk hawa resik baé. Samana katon ana wanita loro, sidji tuwa sidji enom.
Kang enom njurung krétan tjilik, isi botjah lanang lagi tjumléwo. Wanita kang tuwa mau djebul Bu Geḍé ing Blora, katon wis saja akèh rémané sing putih. Déné kang enom iku Dènaju Dokter Wiwaha, ija Rara Hartati bijèn kaé, mung saiki wis duwé anak lanang, botjah ing sadjeroning krétan tjilik iku, djenengé Bambang Sumantri. Ana sadjeroning krétan Bambang Sumantri tansah mlèngèh, tangané srawéan. Kadang-kadang Bambang Sumantri njoba ambetot kuping bruwang dolanané, nanging tetéla menawa kakuwatané durung njukupi kanggo nindakaké panggawéan iku. Mula bruwangé bandjur dirangkul, kupingé didilati. Ibuné‘kipa-kipa, utjapė karo gèḍèg-gèḍèg: „Hi ......... hek. Bambang djidjik, emoh aku ..."
Embahné gumuju baé. Putuné didjundjung bandjur diambungi diuwel-uwel karo greged-greged saka senengé : ..Hiii ........ botjah, kok kaja ngéné.......Pinter kok nggih mbah ........bagus kok nggih mbah ...... Putuné sing lanang déwé, sing pinter déwé, sing bagus déwé ........."
Wong-wong kang pada weruh kaanan iku, prasasat kabèh pada mèlu mèsem karo ngulataké nganti adoh marang wanita loro lan