Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
84

saka palilahé wong-tuwané Sang Rara, mula Rara Hartati baka! ndang disuwunaké lèrèn saka panggawéan. Sadurungé kelakon sèlèh panggawéan, Sang Rara diparengna mung mligi ngopeni Dènaju Hardana, déning isih ana gegajutané lan djalaran Dènaju Hardana dibedèl déning Dr. Wiwaha. Mangkono mungguh dorasembadané Dr. Wiwaha, kanggo njupet rerasan kang ora pantes disumurupi ing lijan.

Reg, dèk samana bebrajan ing pantiroga kabèh wis pada ngerti menawa Dr. Wiwaha pepatjangan karo Rara Hartati. Anané Rara Hartati duwé panjuwun metu saka pantiroga, amarga ora suwé manèh bakal dadi pangantèn. Mula para Dokter wiwit saja luwih ngadjèni marang Rara Hartati. Mung ing golongané Sang Rara déwé isih ana kang wani anggarap. Samangsa Rara Hartati njeḍaki sawidjining grombolan, apesé krungu uni mangkéné: .É, é, kok mambu pangantèn aku."

Kantja lijané,,Tobil, tobil, mbakju Dokter rawuh". Ana manèh mangkéné: „,Mbakju, kang raka punapa wonten, punika anak-kula radi sakit".

Hartati mèsem rada isin:,,Ah, mbok ja adja mbéda ta? Apa wis ora sudi dak uwori ta, kok pidjer ngono jèn dak tjeḍaki ?"

Mitrané: „,O, klèru mbakju, sing ora sudi ki rak kowé, dudu aku sakantja, kok anèh. Ning jèn wataké mbakjuku sing manis déwé kije, mesti ora mengkono. Arepa dadi bodjo Djendral pitulikur Mulud pisan mesți ora luntur manisé, rakija ta mbakju?"

Hartati:,,Wis ta uwis, lunga lo aku, mbok guneman lijané baé".

Mangkono mau nganti dina dipeṭukė Rara Hartati déning rama-ibuné. Dr. Wiwaha ora ngeteraké ulihé patjangané, kanggo njingkiri gunem kang ora bener, mung otoné disopiri Kalintung dipetukaké, kanggo ngeteraké marang Kendal. Anggoné nglakok aké otoné sadjak ngleler. Batiné Kalinṭung mamèraké manisi bakal bendarané putri marang wong sa-Semarang. Wetara suwé mubeng-mubeng ing kuta, amarga Radèn Harga ngiras blandja kabutuhan kanggo mantu.

Tekané ing omah Rara Hartati dipețukaké déning bakal maratuwané kang wis teka mondok ing opsèteran. Kelakon udjaré Bu Gedé ing Blora nguwel-uwel mantuné wuragil, anggoné ngambungi nganti sesengokan.