Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

83

 Kalinṭung: „La, rak inggih makaten, dados saged aso sawetawis. We, ḑateng Kendal, ḑateng dalemipun ndara Sinder-wana punika ndara?”
 Wiwaha: „Ija ngono, apa kowé ora seneng ta?
 Kalinṭung: „O, seneng sanget kula, amargi kula kopen sanget. Wosipun pandjenengan saged aso tur panggalih suka, kula saprikantja mesti inggih seneng sanget”.
 Weruh-weruh Dr. Wiwaha wis tekan ing omahé. Sanadjan wis kliwat djam sewelas, wong2 ing omah durung ana kang turu, malah kabèh paḑa durung gelem mangan. Dalah Hartawan uga ngentèni tekané kamasé.
 Wiwaha: „Lo, Har, la kok kowé durung mangan? Mau rak wis dak weling ninggal baé ta?”
 Hartawan mangsuli karo mèsem: „Aku durung krasa luwé kok mas, mula pantjèn dak djarag, ngiras ngenteni pandjenengan pişan, bèn ora dahar idjèn”.
 Wiwaha: „Ja wis, ajo paḍa ndang mangan baé, aku wis rada krasa sajah temenan. — O, ḑi, aku sésuk arep sowan bapak Kendal, kowé butuh apa?”
 Hartawan: „Wé, la mungguh libura mono nḑėrėk, nanging wong ora, tur ora duwé butuh apa-apa kok mas, ja ngaturaké sembah-bekti baé katur bapak ibu”.
 Wiwaha: „Ja wis jèn mangkono.”
 Esuké Dr. Wiwaha njuwun pamit sadina, lungan marang Kendal, amarga ana perlu kang kudu ditindakaké ḑéwé. Tjekaking tjarita Dr. Wiwaha ketekan kang dadi karepé kanți gampang tur sarwa kebeneran. Rama-ibuné ḑéwé uga sarudjuk. malah bakal tindak ḑéwé marang ing Kendal, perlu ngrembug dadining gawé.
 Antara telung minggu Dènaju Hardana wis bisa mlaku-mlaku digandeng déning sawidjining djuru-ngupakara-wanita kang aju-éndah merak-ati warnané. Dėnaju Hardana rumangsa kepotangan geḑé marang djuru-ngupakara mau, déné diupakara saben dina, nganti mèh waras. Déné bisané Rara Hartati mligi ngopèni marang Dènaju M.P. iku, amarga saka pandjaluké Dr. Wiwaha marang panggeḍéning pantiroga. Dr. Wiwaha walèh menawa wiwit nalika samana Rara Hartati wis dadi patjangané, terang