Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wiwaha Bapak karo ibu aku tanḍingé, Tati. Adja mbéda ta kowé ………………….. jèn kowé ora ndjaluk metu, aku lo sing ndjalukaké. Ééé, la ja mbok pitung panggeḍé pantiroga pisan kon ngalang-alangi, leganing atiku".

Hartati nḍingkluk mèsem mangsuli: „Ah, mas, kok ngisin-isini, kula sing isin".

Wiwaha: „La ija adja mbéda. Tjekaké sésuk aku arep menjang Kendal. Jèn panjuwunku ora kepareng, é, sida dadi karang abang temenan Kendal".

Hartati: „Nanging kula saniki adjeng ngladosi Dènaju M.P. krijin ngantos sak senggangé, rak pareng ta?"

Wiwaha: „Pantjèné aku ora rila, nanging, ajaké ja mung kowé kang pantes ngupakara wanita iku nganti sasenggangé. Wis djeng, slamet".

Hartati ora mangsuli mung mèsem baé karo ngulataké lakuné Dr. Wiwaha. Lakuné Dr. Wiwaha metuné saka kamar mau ndangak, ḑaḑané mungal, tjahjané sumringah, saking gambiraning atiné. Rumangsa kaja bisa ndjebol djagad, ngruntuhaké lintang lan rembulan, kanggo mbungahaké Rara Hartati.

Dr. Wiwaha mapan linggih ing sopiran djèdjèr karo Kalintung. Sopiré matur: „Tindak pundi malih ndara?"

Wiwaha: „Mulih ngono, arep njang ngendi manèh".

Kalinṭung: „É, kula westani taksih baḑé mriksa tijang sakit malih."

Wiwaha: „Lo, apa mau ana wong marani aku manèh, ta kang?"

Kalinṭung: „O, boten, malah saupami wontena baḍé kula apusi, manawi ndara boten saged ḍateng amargi wonten perlu wigatos".

Wiwaha: „Lo, adja sok ngono lo kang, apa kowé ora ngéman marang wong kang paḑa lara iku ta? Jèn larané rekasa mangka ora énggal olèh pitulungan, bisa dadi tiwasé, keprijé?"

Kalinṭung: „Inggih makatena punika tijang wonten dokter sanèsipun. Mbok inggih ngaturi ingkang pinudju radi sela, sampun pandjenengan ṭok kémawon, ingkang boten naté wonten selanipun, ngantos mèh supé ḑahar. Sajektosipun kula lan seḍèrèk sanèsipun boten lila."

Wiwaha: „Ja ta wis sésuk aku dak lèrèn sadina, dolan menjang Kendal, ja kang?"