Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

81

Radèn Hardana, nanging ladjeng djugar. Putri ingkang baḑé pandjenengan reksa kawiludjenganipun punika, garwanipun Radèn Hardana wau, ingkang sapunika dados M.P. ing kita. Punapa punika sakinten boten ndadosaken sabab tumrap ḑateng pandjenengan. Mupung taksih sami wonten ing ngriki, manawi pandjenengan boten saged nglampahi pandamelan-pandjenengan ing wekdal punika, temtu baḑé kula pitulungi, amargi kula wadjib. rumeksa ḍateng katentremaning panggalih-pandjenengan. Mila sumangga barèsa ḑateng kula sapunika".

Krungu utjapé Dr. Wiwaha mau, Rara Hartati bandjur ngondok-ondok, mèh ora kuwat nampani geḍéning ketresnané Wiwaha kang wis dilairaké marang ḍèwèké. Sang Rara tumenga mandeng marang prija mau. Sakèhing katresnané kang geleng marang ki djaka wis ora disamar manèh. Dr. Wiwaha mundur sadjangkah, betèkè anggoné nglungguhi kasusilané. Sang Rara madju karo ngulungaké kertupos kawuk, utjapé: „Kamas, sasampunipun kula ngaturaken genging panuwun ḑateng pandjenengan, manawi pandjenengan pitados, kaparenga namung kula pijambak ingkang ngupakara lan andjagi dateng Radèn Aju punika. Kula boten saged matur kaṭah-kaṭah, déné manawi pandjenengan kirang pitados ḑateng kula, punika nanḍakaken manawi pandjenengan lepat ing panjakrabawa".

Dr. Wiwaha nampani kertupos lawas mau bandjur disatitèkaké. Tetéla menawa kertupos mau tulisané déwé marang Sang Rara, 11 sasi kang kepungkur. Sanalika iku Wiwaha ngerti menawa katresnané Sang Rara wis lawas mung marang dèwèké. Sapira kagèt lan lega bungahé Dr. Wiwaha nalika iku. Tudjuně Rara Hartati sugih wewéka, njimpang, anḑisiki lumebu ing kamar. Dr. Wiwaha nututi, nglantjangi lakuné Sang Rara karo tjlațu lirih: „Tati, ......... kowé sésuk ndjaluka metu saka penggawéan ja? Kudu lo. Aku selah ora sabar urip ora tjeḑak karo kowé".

Hartati sadjak ora krungu nanging mangsuli uga lirih „Kula adjeng dadi dukun baji mawon, kok”.

Wiwaha: „La ija, dadia dukun baji, nanging dadi bodjoku

Hartati: „O, la saguhé teng bapak ibu dos-pundi ?”

Djogo kang pinasti