80
paja tansah migatèkaké marang kaanané Dènaju M.P. ing sawengi mengko, déné menawa ana apa-apané, supaja énggal nilpon menjang omahé. Lakuné Dr. Wiwaha satekaning buri lawang mèh numbuk djuru-ngupakara-wanita kang lagi teka, arep njunḍul pang. gawéané kantjané. Djegagig...... kang arep tumbukan pada kagèté...... pandeng-pandengan, sapandurat pada ora bisa ngutjap, ketanggor paḍa kumepjuré. Djuru-ngupakara-wanita mau djebul Rara Hartati. Pamandengé Dr. Wiwaha marang Sang Rara Vakeḍèp-teşmak, déné Sang Rara samono uga. Sakaro-karoné kaja ora kuwasa manèh ngampet katresnané. Mungguh ing Rara Hartati krasa banget marang geḍéning sihé nonoman mau ing ḍèwèké, njotjogi kaja katresnané déwé marang wong iku. Tambuh-tambuh solahé Sang Rara, wedi kamoran bungah dadi sidji. Arep bali wis kepregok, arep mbatjut gèk keprijé. Bisané mung kari ngawetaké lambéné kang mingir-mingir iku. Sanadjan sapira giḍuh lan kemrungsunging atiné Dr. Wiwaha, andulu lan tjetjeḍakan karo kenja kang dadi paraning katresnané, nanging bareng kèlingan, menawa Rara Hartati iku kang bakal njunḍul andjaga marang Dènaju Hardana, sanalika krasa sumedot atiné, pangudarasané: ,,É, ladalah, keprijé iki mengko dadiné. La kok Tati sing ndjaga Dènaju Hardana. Sanadjan durung wanuh, mesți bakal dikandani, ing bab wanita kang diopèni iku. Ngéwuhaké temen kaanan iki. Betjiké malah dak blakanané pisan. Dadia kagèt isih ana ing djaba. Lan menawa ora keduga aku bisa mitulungi".
Tembungé Wiwaha ngarah-arah supaja Hartati ora kagèt banget-banget: „Djeng, tjobi pandjenengan mirengaken sekeḍap atur-kula punika. Ing ngriki sanès Wiwaha Dokter, ingkang rembagan kalijan Hartati tjalon ḍukun baji, njatanipun pun Wiwaha ingkang gineman kalijan saḍèrèkipun angkat. Punapa pandjenengan sampun priksa dateng wanita ingkang sakit sanget punika?"
Hartati: ,,Dèrèng kamas."
Wiwaha: ,,Mangké pandjenengan temtu uninga ḍateng wanita wau, Mila katimbang pandjenengan mangké kagèt, aluwung kagèt wonten ing ngriki kémawon. Djeng Tati, boten kula djarag, kula mireng manawi rumijin pandjenengan punika pepatjangan kalijan