VII. JA MUNG KOWE KANG PANTES NGRUKTI WANITA IKU, KONGSI SAMARINE
Baliné Dr. Wiwaha saka panggawéan wis repet-repet, nanging ora suwé ana ing omah, malah ora nganti mangan, mung salin panganggo baé, bandjur lunga manèh sadjak rada kesusu.
Kandané marang Hartawan: „Mangana disik di, aku kesusu banget, ora susah ko-entèni, amarga ana perlu kang ora kena dak srantèkaké. Déné ulihku durung kena dipasţèkaké."
Hartawan,,Ija mas, pandjenengan ora susah mikir aku."
Pak Karta sumela: „Ning mbok ja ḍahar disik ta ndara, wong ja wis sumadija."
Wiwaha Ora kok lik, kuwadjibanku wektu iki luwih perlu, tur ora kena disrantèkaké. Wis paḍa karia lan mèlua memudji, digampangna anggonku bakal tumindak ing gawé mengko, lan diparingana slamet sakabèhé".
Kalintung wis njengoh ana ing sopiran, ora mobah ora mosik. Sanadjan ora diḍawuhi njetiri, meksa wis saḍija. Sopir kang tresna asih marang bendarané iku kerep ditilapaké déning Dr. Wiwaha, menawa pinudju ana panggawéan ing wajah bengi. Mangkono mau saka pangémané Dr. Wiwaha marang sopiré kang sregep wekel ing samubarang gawé, supaja bisa aso. Nanging tumrapé Kalintung pangémané Dr. Wiwaha mau malah ora kebeneran. Tresnané Kalinṭung marang bendarané iku bebasan wiwit kuku irengé dridji sikil nganti tumeka putjuking rambut, Mula, pangémané Dr. Wiwaha mau mung malah dadi pamberungé kjai sopir, tansah njeḍak oto lan ngulataké glibedé bendarané baé.
Wiwaha: „Kang, kowé arep apa? Mbok ja wis lèrèn. Kowé rak wis kesel banget. Sadina durung lèrèn. Ulihku mengko durung karuwan. Bisa uga nganti bengi banget. Wis ta ngasoa, munḍak njeḍihaké atiku."
Kalintung,Taksih seḍih manawi kula boten pareng nḍèrèkaken. Kula malih sajaha, pandjenengan kémawon inggih boten sajah makaten kok, pandjenengan ugi dèrèng ngaso sekeḍap-keḍapa."