Hartawan: ,,Ah, ja ora mangkono mas, aku déwé uga tau ngrungokaké dék kamas njuluki ana Sabakarti limang dina kepungkur, Sanadjan aku wong pégo, meksa bisa ngrasakaké kang kepénak lan kang ora. Kaé suluk apa mas, kok sok ana wilet kang dawa banget, nganti bisa medotaké napas, jén swarané tjekak kaja pak Gunadihardja dalang kéné”
Wiwaha : ,,Bijén aku welas marang pak Guna, déné swarané tjekak tur rada serak. Mangka kudu njuluki gending laras 9, Suluk
kaé djenengé patet 9 ngelik. Adjaa aku dipeksa rama Patih aku pakéwuh, Nanging bareng dipetel-petelaké katik rada dionggrong péh botjah Mangkunagaran mesti bisa suluk barang, rada kemuriden atiku arep dak kétokaké pisan jén ja bisa, kepara njata menawa botjah Mangkunagaran kang akéh pada adjar lan bisa suluk temenan, Pantjéné ja ora apik tindak kang mangkono iku, amarga kok sadjak sumakéan temen. Patrapku kang mangkono iku ora kena ditiru, amarga luput”.
Hartawan: ,,Wé ......... saupama aku mumpuni kaja kamas iki, é mbok-menawa malah kepara luwih anggonku sesongaran. Lan tumraping aku apa kang ditindakaké kamas iku kabéh dadi tetuladan kang kudu dak‘tiru, amarga saka beneré”.
Wiwaha: ,,Iku rak panemumu, djalaran kowé tresna marang aku, ja mesti baé apa tindakku ko-beneraké. Nanging ja muga? aku diparengna tansah awéh tuladan kang bener lan betjik marang adi”.
Wajah djam lima soré R. Hartawan njengkruk ana ing panulisan sadjeroning kamaré. Tetéla durung bisa ngudari sawidjining bab kang angél, mula bandjur ngadeg. mlaku-mlaku. Saréhné tita durung padang pikiré, bandjur metu pisan. Karepé arep léjéh-léjéh ing kursi males, Ing saduwuring radio katon ana buku tjilik péni. Sanalika dikira menawa buku iku mesti duwéké Dr. Wiwaha kang kéri. Bisa uga buku iku gawé tjotoné rakané, mula bandjur dibukaki: Tjiptané menawa perlu arep disusulaké. Nanging djebul buku péngetané Dr. Wiwaha déwé, katja kapisan isi mangkéné :