Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
72

katresnanmu marang déwéké. O, djeng, apa djagat iki mung sagodong kélor. Apa wis ora ana prija kang bisa papak karo tila, patjanganmu, kang wis ninggal marang kowé. Djeng, botjah kang manis, apa wis tita katresnanmu ora kena diénggokaké manéh, Nanging teka mokal menawa bakal tansah mangkonoa. Mbok menawa mung djalaran saka kurang manteng baé anggonku nenuwun marang kang Gawé Urip, ngénggokaké atimu marang aku.
Elo, wis dadi kinanti sandung, énaké mélu rengeng-rengeng pisan ...............

      Duh mas mirah djiwaningsun,
      tuhu déwining memanis
      jwa tansah anggung nalangsa
      narima ing pandum jaji
      wus mangkana begdjanira
      tan kénging dipun sélaki.

      Balik tingalana ingsun
      pinda pedjah tanpa kanin
      anggér mung sira katjipta
      ing sijang pantara ratri
      jaji welasa pun kakang
      wus lami nandang prihatin.

R. Hartawan nungul saka kamaré karo pitakon : ,,Petikan lajang apa mas?”
Wiwaha : ,,Hè ......... ah mbuh ja, aku déwé ja lali; mula rada glagepan”.
Hartawan : ,,Ning lelagoné kepénak ja mas”.
Wiwaha: ,,ja wong kinanti sandung ja mesti kepénak, jén sing nembangaké swarané apik”.
Hartawan : ,,La apa isih kurang apik ta mas, swaramu iku? Djaré kang sopir Kalintung ora ana sing madani swarané Dén Mas Dokter iku".
Wiwaha : ,,O, la wong kang Kalintung kok ko-gugu, déwéké iku wong sing tresna banget marang aku, dadi sapari-polahku mung sarwa apik tumrap déwéké, Mangkono iku ora bener”.