huring bebudèné. Luwih-luwih para Dokter kang wis paḍa tuwa, paḍa tresna asih marang Wiwaha, amarga kerep makili panggawéané kang abot tur adoh papan panggonané.
Kabèh mèh pada rumangsa dipitulungi déning Dokter nonoman kang ora duwé kesel iku. Sing paḍa digumuni iku, déné Wiwaha ḍangan mitulungi njangkut panggawéan kang abot tumrapé para Dokter kang tuwa, ngangkati gawé marang papan kang adoh-adoh. Saguhé tanpa panggresah tur sepi ing pamrih. Mula ora anèh menawa seḍéla baé diluluti ing para kantjané. Rèh-rèhané paḍa wedi asih, manut-miturut ing sabarang rèhé.
Sanadjan Dr. Wiwaha kerep kepeṭuk karo Sang Rara, nanging paḍa ora bisa tetemonan idjèn utawa nganti djenak, amarga tansah kesanḍung ing panggawéan, utawa kepeṭuké mau bebarengan karo
kantja-kantjané akèh. Dr. Wiwaha tansah njarèhaké anggoné arep duwé panembung marang Sang Rara, amarga pangirané Sang Rara durung pulih babar-pisan seḍihing atiné, déné kepeḍotan ing tresna mau. Mula saja nggregut anggoné arep saja njeḍaki Sang Rara murih atiné bisa lilih. Ing saupama ngertia menawa paraning
katresnané Sang Rara mung marang dèwèké, mesti ora bisa njabaraké manèh.
Menawa pinudju kepeṭuk, Sang Rara tansah anḍingkluk, dadi ora ketara gebjaring nétra kang djalaran saka bungah lan saka geḍéning tresnané marang Dr. Wiwaha. Mula ing lair saja katon tumambuh, betèké anggoné nutupi adja nganti kadjuwarèhan apa kang dadi bebunḍelaning atiné. Mangkono kahanané nonoman loro sadjroné rong sasi bebarengan njambut gawé ana ing Semarang.
Sawidjining soré kira-kira djam lima R.M. Wiwaha lèjèh-lèjèh ing kursi males satjeḍaking radio kang muni lirih. Dumadakan swara mau saka zender Sala kațik klenèngan pisan. Wileting wirama genḍing narik rasa nglangut, mula Dr. Wiwaha bandjur korup ing alam palamunan. Njut, njanḍak marang lelakoné kenja
kang banget ditresnani.
Tjiptané: ,,É, memelas temen djeng lelakonmu. Samono bakuhing katresnanmu marang Hardana, nganti ko-réwangi trima njambut gawé dadi ḍukun baji. Iku betèké anggonmu arep ngipataké
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/73
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
71