69
Mèh baé Sang Rara andjelèh, amarga saka kagèté. Ora ngira babar-pisan menawa bakal ketemu karo wong kang tansah digolèki ing batin.
Mripaté Hartati dadi djlalatan sawetara déning kagèt, lambéné menga saṭiṭik, katon untuné kang putih gumebjar. Sekawit ora pati ngandel marang kang dideleng, dikira mung katon-katonen baé. Nanging mokal jèn ora tenana, amarga rumangsa ora pinudju ngimpi, tur krungu tembungé guruné tjeța mangkéné: „Sumangga Dokter, lah punika murid² tjalon ḍukun baji ingkang wedalan saking pamulangan S.M.P. sadaja”.
Wiwaha: „Inggih”. Anggoné mangsuli mau karo njawang para murid. Ing kono weruh wong kang tansah dadi atiné. Batjuting gunemé: „Mangga dipun ladjengaken anggènipun sami njambut damel, déné manawi perlu, kula saḍija wonten ing kamar padjagèn sisih punika. Nuwun”.
Sabubaring awèh hurmat bandjur metu saka kamar iku. Lega atiné Dr. Wiwaha, sanadjan mung satjlérétan wis bisa kepeṭuk Sang Rara.
Kotjapa Rara Hartati tambuḥ-tambuh kang krasa ing ati. Tetéla menawa wis kelakon ketemu lan Wiwaha, dadi dudu impèn. Dina iku sakabèhé piwulanging guru ora ana kang tjumanțèl babar-pisan. Gagasané Sang Rara mung tansah marang Wiwaha. Nanging apa kang digagas temenan, awaké ḍéwé ajaké ora sumurup, amarga saka rena-renané lan molah-malihé. Ulihé para murid marang pondokané kang ora pati adoh saka kono, pada klesik-klesik ngrasani Dr. nonoman kang lagi anjar katon. Banèking klesiké: „Sapa ja asmané, wah tjanṭas bregas tur pinter, bedjané sing......” Disambungi kantjané: „Hs, hs, mangsa kowéa sing duwé, dudu kowé, dudu̟ aku, .... mestiné duwèké sing duwé. Éé, botjah saka ngendi mana ja ?”
Mangkono sapituruté. Rara Hartati uga krungu, nanging ora sambung, ngențit mlebu ing kamaré, bandjur ambruk ing paturoné. Sang Rara durung bisa nata atiné lan njèlèhaké pikirané. Nanging bareng wis bisa aso sawetara bandjur ndjupuk kertuposé kawuk, diaḍep karo dililing, batiné tansah anggagas, langka bisané kelakon dadi djoḍoné Dr. Wiwaha.