VI. BUKU PENGETAN
Katjarita Dr. Wiwaha wis wetara saminggu anggoné njambut gawé ana ing Semarang, nanging durung bisa kepeṭuk karo Rara Hartati. Mangkono iku bisa uga anané ing pantiroga Semarang, amarga saka djembar lan raméning kaanan ing kono. Jèn wong durung tau ana sadjeroning pantiroga mau mesți pidjer takon panggonan kang dikarepaké. Omah-omah ing kono geḍé-geḍé, los-losé djèdjèr-djèdjèr leladjuran, aṭarik-tarik. Pating srèwèh pating krelap mestèring los dalan kang angganḍèngaké omah-omah ing kono mau. Punggawaning pantiroga iku atusan, déné dokteré ora kurang selawénan. Para dokter menawa mubeng mriksa sing paḍa lara kudu nganggo sepéda liwat los dalan, supaja bisa warata anggoné niliki wong-wong lara sing dadi tanggungané.
R. Hartawan wis kelakon dibojongi Dr. Wiwaha menjang kampung Sompok. Ora nganti gantalan dina R. Hartawan wis lulut marang kamasé temon, kang bisa ngepèk ati murih Hartawan ngilangaké rikuh pakèwuhé. Djedjaka loro mau bisa urip bebarengan kelawan rukun, amarga saka pada bisa matrapaké tindaké ḍéwé-ḍéwé, kang tuwa bisa dadi tuwa, déné kang anom meruhi anomé. Mung kang sok digagas Hartawan iku, déné Dr. Wiwaha banget betjiké marang ḍèwèké. Tinemuning panemuné, mangkono mau djalaran saka betjiking tetepungané Dr. Wiwaha karo rama-ibuné. Ora ngerti menawa kang dadi djalaran saka seduluré wadon.
Pinudju dina Kemis awan kira-kira djam papat, para murid tjalon ḍukun baji pepak nglumpuk ana ing kamar pamulangan, perlu arep tampa wulangan kaja padatan. Bareng guru wadon kang mulang wis teka, bandjur wiwit diwulang. Durung wetara suwé kesaru tekané salah sawidjining dokter kang kapatah ngapèn-
apèni wulangan murid-murid tjalon ḍukun baji. Dilalah kang tampa giliran ing wektu iku Dr. Wiwaha. Lebuné Dr. Wiwaha ing djero kamar pamulangan kono dikurmati déning para murid tjalon dukun baji lan guruné, ngadeg bebarengan bandjur ambengkukaké gegeré. Mung Rara Hartati kang kebatjut ora mèlu hurmat.