tèkaké, anggoné ngandikakaké bab Rara Hartati sadjak ora didjarag.
R. Ngt.: ,,O, la, jèn nak Dokter iki ngasta ana pantiroga Semarang rak tiwas kebeneran nggih pak.—Pandjenengan rak dèrèng priksa ta nak, manawi Tati sapunika njambut damel wonten ing pantiroga Semarang."
Wiwaha: ,,Lo, dados djeng Tati sapunika njambut damel wonten ing pantiroga Semarang bu?"
R. Harga: ,,Inggih makaten nak, nanging sapunikanipun dados murid tjalon ḍukun baji."
Wiwaha: ,,O, dados makaten ta ?" Anggoné mangsuli mangkono mau sadjak ngemu gela, déné ora bisa kepeṭuk sanalika karo sing diimpi-impi.
R. Harga: „Pantjèn ḍapur keleresan sanget manawi pandjenengan ugi ngasta damel wonten ing pantiroga. Kula kalijan ingkang ibu njuwun titip ngulat-ulataken kewontenanipun Tati. Inggih baḍéa kados-pundi kémawon, laré èstri punika klebet ing
paribasan:,,Krubjuk kabotan tapih".
Wiwaha:,,O, inggih bapak sakalijan, bab punika kula sagah kanți leganing manah, namung njuwun pangèstu kémawon sageda kula lampahi".
R. Harga: ,,Inggih nak, sadèrèngipun kula matur nuwun".
R. Ngt.: ,,Nak Dokter, niku rak dèrèng priksa teng Hartawan ta pak, wong ḍèk semanten nika anaké pinudju teng Semarang golèk pondokan, dadi dèrèng tau kepetuk".
Wiwaha:,,Lo, sinten bu, Hartawan punika ?"
R. Ngt.: ,,Inggih nak, Hartawan punika anak-kula wuragil, sapunika taksih sekolah wonten S.M.A. ing Semarang, mondok ing grijanipun mas Gati, Gati sinten punika, wonten ing kampung Mlaṭèn".
Wiwaha: „Wé lah, punika keleresan sanget tumrapipun kula bu".
R. Ngt.: ,,Kados-pundi ta karsa-pandjenengan punika ?"
Wiwaha Makaten bu, kula wonten ing Semarang punika namung kalijan mbok tjilik Karta, maḍaran, pak Karta ingkang dados sesepuh tumrap kawontenaning grija-kula, kalijan kang
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/67
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
65