Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

64

 Wiwaha mențeleng, nanging ora bisa ngampet èsemé, karo mangsuli uga lirih:,,Hss, kowé kuwi isih kepatuh baé kaja bijèn, lan manèh kowé weruh apa, betjik nglilinga anakmu".
 Nanging, uniné Wiwaha kang karungu ing akèh mangkéné: ,,Diteraké nganggo oto apa prijé. ?"
 Ops.: ,,Ah, ora susah mas, ngiras mlaku-mlaku. Kalilan sadaja kémawon".
 Kang dipamiti mangsuli bareng: „Inggih mangga." Saungkuré R. M. Opsèter sarimbit, anggoné pada nutugaké lelenggahan R. Harga sakalijan lan Wiwaha ana ing kamar pada rerembugan ora nganggo rikuh pakéwuh amarga ora ana ḍajoh lijané.
 R. Harga: ,,Sapunika pandjenengan pindah dateng pundi nak ?"
 Wiwaha: „Dateng Semarang, bapak ?"
 R. Ngt.: ,,Nak, nak, dados pandjenengan punika, manawi boten klèntu pamireng-kula wau, satunggiling prijantun dokter, rak inggih ta?"
 Wiwaha:,,Inggih bu; leres."
 R. Harga: „Sadèrèngipun kapindah suwau dados dokter wonten pundi nak, pandjenengan."
 Wiwaha:,,Wonten pantiroga ing Salatiga bapak."
 R. Ngt.: ,,É, déné kok tjeḍak baé, ora karsa tilik, utawa maringi kabar."
 Wiwaha: ,,Inggih punika ta bu, saking katahing pandamelan-kula wau. Kedjawi punika anggèn-kula kèndel-kèndelan kémawon djalaran anggèn-kula kepéngin tuwi bledjogan, ingkang boten pandjenengan kinten-kinten, satemah saged damel kabingahan dadakan."
 Gujeng anggoné pangandikan nganti sawetara suwé. Sadjron paḍa rerembugan Wiwaha katon semuné ngarep-arep wetuné Rara Hartati, kang wis suwé diimpi-impi. Nanging pangarep-arepé meksa ora kelakon.
 R. Harga sakalijan bareng ngerti marang pangarep-arepé Wiwaha marang Hartati iku ndadèkaké bungahing atiné, tetéla menawa nohoman iki durung lali marang Rara Hartati, malah bisa uga ana mèliké. Nanging prijaji loro mau réka-réka ora angga-