Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
63

 Ops. : ,,O, inggih, inggih bu, wani ngalah luhur wekasané, tumungkula, sapiturutipun.- Ning awas mas, jèn pandjenengan ora mampir seḍéla niliki ponakanmu, èh, sida Wiwaha,,Ija, ija temenan, kowé ora susah njungir kaja mangkono. - O, kula njuwun ngapunten lo djeng, radi ketenta nalika taksih sami alit, kang raka kalijan kula punika manawi godjèg sok keladuk".
 Dènaju Ops.: „Boten dados punapa kamas. Kang raji punika kados sampun kebadan."
 Ops.: ,,Nanging rak malah dadi bregasé lan galaké, harak ija ta djeng?"
 Dènaju Ops.: „Ah, kamas ki, ana paraḍajohan barang kok ngono".
 Kabèh pada gumudjeng.
 R. Harga: „É, mbok inggih kadjengipun Dènaju, kang raka punika ngangeni tjutjutipun".
 Ops.:,,Wé la inggih, eh, eh, inggih pinten gelas malah rama? - Wis djeng ajo njuwun pamit. - Nun, kepareng njuwun ngrumijini sadaja kémawon ?”
 R. Harga:,,Lo, mangké ta kok ndjur kaja ditunḍung. Mangké rumijin".
 Ops.:,,Boten makaten kok bapak, sajektosipun pantjèn wonten perlu sanès, mila kepeksa kula njuwun pamit sapunika. Kalilan, sadaja kémawon, ajo djeng".
 Sarèhné Dènaju Opsèter isih nerusaké rerembugan karo Radèn Ngt. Harga, R.M. Hardjawiraga nḍisiki lon-lonan dibarengi karo Wiwaha, minangka ngurmati nak-nduluré. Nalika rada kelimpé wong akèh R.M. Opsèter njaket kang raka, ngandika lirih ngétjé rakané: „Is, amblegedjis, mesṭi baé aku trima kalah karo bu Harga, hmmmmmm. Hara, apa ora aran botjah bagus tur tulus, aḍimu kang kaja aku iki? Ḍasar bregas tur limpad ing panggraita, ing sasmita lantip, nglungani anggonmu tetemon karo kulawarga Hargaprawiran. Ajak, wis kono mas tutug-tutugna, aḍimu sing bregas déwé iki arep mèlu bungah saka kadohan baé ḍisik".