Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

62

 R. Ngt. : ,,Ééé, dak kira wis kesupèn wong Purwaredja, ndjur mak pet, ora karsa paring kabar babar-pisan".
 R. Harga sumambung : ,,Lo, klèru lo bu, wong Kendal ta. Arepa kesupèn wong Purwaredja, ja tjikbèna, nanging adja kesupèn wong Kendal, rak ngono".
 Wiwaha : ,,Wé la boten bapak sakalijan, boten kok kesupèn makaten, nanging kabekta saking kaṭahing pandamelan, déning ketemben, mila taksih kiḍung, kepeksa dèrèng saged ngèngeti sanès-sanèsipun".
 R. Harga mangsuli karo manṭuk-mantuk : „Pantjèn inggih makaten nak, manawi dèrèng kulina mesti wonten kiḍungipun".
 Opsèter : ,,Satemené mono jèn pandjenengan kiḍung lan kesupèn iku aku ora patia ngandel kok mas, amarga dèk isih paḍa sekolah, pandjenengan iku konḍang ḍéwé, mesținé isih éling, béda karo para murid dalah guruné pisan mesti wis paḍa lali. Apa manèh jèn pandjenengan iki diarani kiḍung, mbok-menawa ora ana wong sing ora kiḍung".
 Wiwaha : „Ah, apa ija, wong kowé kuwi ḍemenmu sok ngunḍak-unḍakaké".
 Ger, wiwit pada bisa gegujon.
 R. Ngt. : ,,Nak Wi, ngundjuk punapa? Pangundjukan asrep punapa ingkang bentèr?"
 Wiwaha : ,,Anu bu, ingkang manget-manget kémawon".
 Ops. : ,,Mengko njaré nggonku baé ja mas?"
 Wiwaha : Ija betjik, nanging ja sésuk-sésuk kono."
 R. Harga : ,,Lo, sampun ta, dalu punika pandjenengan kedah njaré ing ngriki, wé, la iba nepsunipun kang ibu."
{tab>R.Ngt. : ,,Jèn ora kersa njaré kéné ja pantjèn kebangeten temenan, pantjèn ora kersa ditresnani wong-tuwa, kersa boten ? Bané oto sida dak kon njoblosi paku lo mengko, bèn nggembos".
 Wiwaha : ,,Boten susah dipun ḍawuhi, pantjèn ing pangangkah sampun baḍé njipeng wonten ngriki kalih dinten bu".
 R. Ngt. : ,,Sokur jèn makaten. Nak Opsèter kedah ngawon rumijin, lo".