Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
60

tau weruh tad kowé, anakmu ngalamun? Jén ora pinudju sinau ja matja utawa ulah-raga, utawa klitihan golék2 gawéan. Nanging wektu samana Wi ngalamun, tur wiwité bisa ngalamun. mau sabubaré njritakaké arep numbuk sawidjining widadari. Dék mau kowé weruh déwé widadariné, ija, apa ora? É ......... aku saupama duwé mantu kaja botjah wadon iki mau ora emoh lo bu. Wis wudjudé turah aju, manis merak-ati, lagoné modéren. nanging isih sugih trepsila lan ora goṭang kasusilané. Apa mungguh ing kowé emoh ta bu? Lan. jén nitik prengguké bareng. krungu djenengku, bandjur rada gangsul ukarané, semu rongéh linggihé, iku, sadjak ana.kang krasa ing atiné marang anakmu ḍéwé. Eééé ........ ja muga-muga dadia mantuku.. saka Kaparengé Sing Kuwasa”.
P.G. : „Enggih, nggih. pak, sadjaké kok bener ngandikané niku, Kula nggih ndjur kélingan. Wi nembang, béda banget rasané kalih sing empun-empun Wah. pak, tembangé tembang-geḍe: Bremara-wilasita, tjéngkoké kaduk ngengreng, surasaning tembang krasa ing ati, tobat-tobat lé emat .................. Hara niku rak enggih patrap nganjar-anjari ta tumrap Wi .................. ? Nek botjah wau dadi mantu-kula temenan, wélah adjeng kula kauli temenan, adjeng kula uleng-uleng krijin. Iju-uuuh, ijuh ana botjah kok manis kaja, nika nggih pak? Tobat ......... lé ngidjèni ......... lé muleg ......... mripaté gebjar-gebjar kaja barlijan ......... pawakané lé
wutuh kaja ; ......... kaja di ........."
P.G. : „La ......... La ......... kebatjuten lo bu", iki ana paran tur lagi nunggang bis akéh réwangé, nék diguju. lo bu”. P.G. : „Napa krungu wong swarané kemrusuk kaja ndjebolké kendangan kuping ngéten kok ............ mbok ja ben”.

***

Isih nunggal sasi karo anané lelakon kaja kang katjaritakaké ing ngarep, pinudju wajah bakda asar, R. Harga sarimbit pinudju nemoni ḍajohé ana-ing pendapa, disambi wédangan kopi. Déné dajohé iku R.M. Hardjawiraga Opséter alas Kabupatén ing kono. Durung wetara suwé anggoné djedjagongan, kesaru ana oto Ford V 8 tjét sawo mateng isih anjar, ménggok mlebu pakarangan Hargaprawiran. R. Harga sakloron ngira menawg ana sawidjining panggeḍé Pakarjan alas kang ngrawuhi. R. Harga gita-gita