Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
59

 P.G. sakalijan : ,,Sami-sami nak pandjenengan kalijan kang mbakju ugi tansah manggiha wiludjeng”.
 Manḍeg-tumolih lakuné Rara Hartati nalika pepisahan lan wong tuwané nonoman kang tansah tjumiṭak ing atiné. Mungguh kaweḍara batiné: O, sèwu ora njana aku ketemu karo wongtuwané mas Wi O, dadi mangkono kahanané ramané lan ibuné. Sanadjan wis rada sepuh, kang ibu isih katon tilas sulistyané, déné kang rama isih katon bregas trengginas, nadjan rawisé wis njambel-widjèn. Éééé........... kirané apa ana renané marang awakku iki?"
 Nganti tumeka ing Kendal Sang Rara tansah meneng, ngenut nglanguting tjiptané. Bareng teka ing omah, ngaturaké kaanané ana ing Semarang kang magepokan karo panggawéan lan pasinaoné. Bab ketemu lan wong-tuwané Wiwaha anggoné ngaturaké mung disrèmpèt baé, apa wosing piwelingé. R. Harga sakalijan uga ngerti marang rikuhé Sang Rara, mula ora anḍesek pandanguné ing bab iku. Nanging Sang Rara bandjur diḍawuhi mangkat ḍéwé, nekakaké piweling saka R. Mas Ngabèi Kriḍawasana marang putra-keponakané.
 Katjarita prijaji kakung-putri kang numpak otobis marang ing Bodja mau, isih pada lam-lamen marang wudjudé Sang Rara, pada reraosan ana sadjroning otobis.
 P.G. ngendika lirih, mèh ora dirungu ing lijan déning gumrenggenging mesin : ,,Bu, bu, jèn bener rasaku iki, sadjaké putri sing manis mau kaé tjalon mantumu kang wuragil".
 B.G.: ,,Ah........ bapak ki kok sok mețèk, mesṭèk-mesṭèkaké, ora ilok lo pak, jèn sok nḍisiki Karsané Sing Kuwasa."
 P.G. : ,,Lo rak ngono ta, kowé kuwi, mesṭi njalahi gunem, aku rak kanḍa sadjak, bandjur, kodadèkaké: mesți, la ja mesti gèsèh ta kuwi? Sakdjané mono, kanḍaku mau ana tanda-jektiné. Ewa déné isih dak sadjakaké, iku betèké anggonku ngati-ati adja nganti anḍisiki Karsané Kang Gawé Lelakon".
 B.G. : ,,Napa enggih ta pak? Pripun hara tanda-jektinė?"
 P.B. : ,,Ngéné, dèk anaké lagi mulih saka Djakarta kaé, rak pinudju purnamasiḍi ta? La, sadjeg lagi tumon sepisan iku aku weruh Wi ngalamun, njawang rembulan nganti djam-djaman. Apa