Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
58

mripaté, dèk nalika adjeng numbuk widadar....... wid…....... botjah wadon".
 Mèh baé ketrutjut pangandikané Bu Geḍé, katudjuné priksa disasmitani rakané, adja nganti mbarèsaké tetembungané Wiwaha ing dalem tjritané, amarga bisa uga andadèkaké ora senengé sing dienggo rerasan. Nanging Rara Hartati krungu déwé tetembungan widadari kang dipunggel déning Bu Geḍé mau. Jèn mangkonoa Wiwaha sok njritakaké lelakon ing Purwaredja temenan, tur mirit tjritané prijaji loro mau, Wiwaha ora lali marang Sang Rara. Bab iku banget andadèkaké bungahing atiné Hartati. Ewa samono sanadjan kabungahané mau ngajang lan kepéngin banget krungu dunungé Wiwaha samengko, nanging ora kewetu babar-pisan pitakoné. Rikuhé malah saja banget, mula bandjur njlamur ngungak aḍiné kang wis wetara suwé durung bali.
 Nalika samana ana swara santak keprungu: „Bodja Bodja....... kartjis Bodja ......... lekas akan berangkat. Kartjis Bodja.........
 Hartati matur marang Bu Geḍé: „Opunika lo bu, sampun wiwit njadé kartjis ḍateng Bodja. Prajogi nitih sapunika kémawon".
 B.G.,,Negalé pak, bisé empun adjeng mangkat".
 P.G.:,,Ija bu, kapénaké nunggang saiki baé, mupung isih rada sela. Endi tasé sing gede dak tjangkingé".
 Samana R. Hartawan wis bali, lan uga arep nganḍani bab angkating bis kang marang Kendal marang mbakjuné. Bareng weruh tas geḍé lan katon abot arep ditjangking Pak Geḍé, bandjur disander, tjlaṭuné: „,Pundi bapak, kaparingaken, kula bektanipun, mangga kula ḍèrèkaken".
 Pak Geḍé sakalijan mèsem karo mangsuli:,,Inggih nak, nuwun déné karsa, mitulungi".
 Tindaké prijaji loro mau diḍèrèkaké Rara Hartati karo aḍiné nganti lenggah ana ing bis.
 B.G.:,,Nuwun lo nak sampun, sampun nuwun mangké kula tatanipun pijambak".
 Hartawan lan Hartati: „Boten dados punapa. Sapunika ndèrèkaken sugeng".