Kaca iki wis divalidasi
4
manawi makaten, boten wonten tijang-sepuh ingkang négakaken ḍateng anak, sanadyan pinanggih sampun sami sepuhipun, tijang-sepuh taksih tansah ngéman, Mila manawi dipun manah,raosing tijang-sepuh ḍateng anak utawi kosok-wangsulipun, adjeg tetep kémawon, namung ing tatakrami ingkang ngéwahaken.
Gegambaraning lelampahan ingkang pinanggih ing serat Djoḑo kang pinasṭi punika boten nalisir saking raos kodrating tijang-sepuh kalijan anak. Dados tulus lan lurusing djedjoḑoan punika sami rinaosaken ing kalih-kalihipun.
Wasana wedaling serat waosan punika dadosa wawasan tuwin pangledjar panggalih. Gesanging tjarijos anotjogana tuwin dadosa pamudji ing prajoginipun.
BALAI PUSTAKA.