Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
57

Kula pijambak sapunika sinau baḍé dados dukun baji ing pantiroga saweg kawan wulan punika".
 P.G.Asmanipun ingkang rama punika sinten nak?" Hartati,Hargaprawira".
 P.G.: „Sinten,....... Hargaprawira ? .......... Radèn Hargaprawira ing Purwaredja, ingkang kapindah wonten ing Kendal........ Opsèter wana makaten nak?”
 Hartati mlenggong déné ramané Wiwaha pirsa kaananing kulawargané ing Kendal. Wangsulané semu gumun :,,Inggih".
 P.G.:,,Inggih, inggih....... ééé, mangké ta....... sok makaten........... pandjenengan punika nak Hartati. Rak inggih ta nak?"
 Hartati saja mlenggong, déné rámané Wiwaha pirsa djenengé barang, durung bisa mangsuli, malah mung mandeng marang Pak Geḍé baé.
 Tangané Sang Rara ditjanḍak déning Bu Geḍé, dielus-elus karo ngandika semu ngluputaké kakungé: „,Pak, medèni uwong, pandjenengan niku, kaja dukun, bisa mețèk sadurungé winarah. Udjug-udjug ngarani djeneng botjah, nganti plenggongan. Pirsané niku saking pundi?"
 P.G.: „Ééé, hara ta bu, iki mesti nak Hartati, apa kowe ora kếlingan dongéngé Wiwaha, ḍèk nalikané mèh katjilakan arep numbuk botjah wadon ana ing Purwaredja bijèn kaé.......? Botjah mau aran Hartati putrané Radèn Hargaprawira. Durung wetara suwé Radèn Hargaprawira maringi kabar marang Wiwaha menawa dielih marang Kendal. – Leres boten atur-kula punika? Rak boten anggumunaken ta manawi kula sumerep asma-pandjenengan".
 Hartati mangsuli lirih: Inggih leres sadaja”.
 Saja mundak rikuhé Sang Rara, pipiné dadi djambon mining-mining djalaran rada isin, teka malah dadi munḍak merak-atiré, wuwuh manis mulek malepeki. Sanadjan paḍa wadon Bu Geḍé nganti gumun mriksani wudjudé Sang Rara nalika samana, nganti kaja ditjuwowo-tjuwowoa, amarga saka banget anggemesaké kang paḍa andulu. Bu Geḍé mèsem karo ngandika: „O......... enggih, ḍing pak, éling, kula saniki. Sing njritakaké Wi nganti menṭeleng