P.G.: „Q, boten kok nak namung baḍé ngabaraken kawontenanipun kemawon."
Hartati: ,,Sasumerep-kula R. M. Hardjawiraga sakukuban sami manggih karahardjan tuwin kabingahan. Mbok-manawi putranipun sapunika sampun tiga, djaler kalih, èstri setunggal".
P.G.,,We, lah, sukur, sukur nak manawi makaten. Mbok jèn isih: ana wektu lan bisa, mulihé mampir tilik disik ja bu."
B.G,Enggih; enggih pak, wong duwé putu nganti wis telu kok durung tau tilik. Kok ja kebangeten temen."
P.G. Ja kuwi ta, alané wong kang sungkan lungan adoh kaja awaké ḍéwé iķi, mengkono kuwi. — O, inggih nak, manawi pandjenengan saèstų karsa tuwin boten wonten pakèwedipun, kula njuwun tjanțèl atur paring kabar dateng Hardjawiraga sarimbit, ngandikaa: bilih kula, Kriḍawasana ing Blora, sapunika pinudju łuwi ḍateng Kalidjati kalijan sémah. Sampun makaten kémawon.”
Bareng krungu asmané prijaji kang ngadjak rembugan, sanalika
guwajané Rara Hartati rada putjet, batiné: „É, la mati awakku, kodjur-kodjur, la kok genahé aku iki djebul guneman karo kang ramané mas Wiwaha. La iki ndjur keprijé polahku. Tobil, tobil lakok ja ndadak ngendikakaké asmané barang. Aku ndjur rikuh. Iki keprijé ?"
Gorèh sanalika linggihé Rara Hartati déning kaisénan ing rikuh. Nanging bebasan wis kepengkok ing gawé, ora bisa sélak, mula keprijé manèh, anggoné mangsuli Sang Rara rada renḍet:,,Inggih sendika ba...pak, baḍé kula éstokaken." Rada ketjipuhan anggoné nata basané Sang Rara, Rada setengah isin njebut basa bapak.
Déné Pak Geḍé pantjèn limpad ing rasa-pangrasa, semuné ngertos marang ketjipuhané botjah wadon iku. Mung durung andungkap, djalarané mangkono. Djroning batin Pak Gedé ngalem sulistyané Rara Hartati lan kasusilané. Rada njeseg pandanguné marang Sang Rara: „Kula matur nuwun sadèrèngipun nak. Sadjakipun pandjenengan kalijan ingkang raji punika penḍak dinten Sabtu tuwi ḍateng Kendal. Sekolah wonten pundi nak pandjenengan kalijan kang raji punika ?"
Hartati: Manawi kula sampun medal saking S.M.P. bapak, déné aḍi-kula punika taksih sinau wonten S.M.A. ing kita ngriki.
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/58
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
56