Prijaji sepuh sakalijan iku sedjatiné R.M. Ng. Kridawasana pinudju arep tuwi putra-wajah marang Kalidjati, dadi kudu numpak otobis kang marang Bodja. Saupama Sang Rara ngerti, menawa linggih tjaket karo ibuné Wiwaha, saiba isiné, nadjan ora ana wong kang ngerti apa kang dirikuhaké Rara Hartati iku. Nanging, bareng saketi ora njana, mula uga kepénak banget tanduké Hartati, ora ana ika-ikiné, malah Hartati bisa nandukaké rasa welasé marang prijaji sakalijan mau. Pangandikané Bu Gedé ing Blora marang botjah wadon manis kang ana ing sandingé : ,,O, boten dados punapa nak, pantjén kesinggihan, djaragan sami ngentosi tumpakan. Pun anak-badé tindak dateng pundi?”
Hartati : ,,Anu bu, badé tuwi tijang-sepuh-kula dateng Kendal. Ibu sakalijan badé tindak dateng pundi?”
B.G. : ,,Badé tuwi anak kalijan putu dateng Kalidjati. Nanging sajektosipun radj kodeng déning katahipun tumpakan. Déréng sumerep pundi otobis ingkang dateng Kalidjati punika”’.
Hartati : ,,O, punika, lo bu, bis ingkang badé dateng Bodja. Nanging angkatipun taksih ngentosi saedjam- malih. Dados ibu mangké mundut kartjis dateng Bodja kémawon. Manawi sampun dumugi ing Bodja, ladjeng njéwa taksi dateng Kalidjati. Makaten prajoginipun, supados boten kesontenen wonten ing margi”.
B.G. : ,,Nuwun, nuwun nak. O, dados otobis ingkang sapunika taksih suwung punika ?”
Hartati: ,,Inggih bu".
Pak Gedé ing Blora tansah mandeng marang botjah manis merak-ati iku. Bareng mireng tembung Kendal, bandjur saged ngemori rembug, pandanguné mangkéné: ,,Punapa anak tepang
kalijan Opséter Kabupatén Kendal Hardjawiraga ?”
Hartati : ,,Tepangipun dèrèng bapak, nanging sampun asring sumerep, amargi kerep dateng grijanipun bapak-kula. Punapa bapak sakalijan taksih sedérék kalijan Radén Mas Hardjawiraga ?"
P.G. : ,,Inggih nak ......... rékanipun kula punika uwakipun”.
Hartati : ,,Manawi wonten wigatos ingkang kénging dipun lantaraken idjeman dateng Dènmas Opséter, saged kadawuhaken ḍateng kula utawi aḍi-kula”.
Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/57
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
55