Kaca iki wis divalidasi
53
Hartati : .......... Ing buri, rak ngono ta? Alias Limbuk.”
Astuti : ,,Éééé temenan kok mbakju, ijung-ijung iki lo lambému iki alé menis-menis, anggemesaké." Mangkono mau, karo ndjiwit lambéné Hartati kanṭi greged-greged.
Hartati : ,,Aṭooo ah, emoh muruki lo aku mengko.”
Astuti : ,,Ija, tjobanen, adja ko-wuruki aku, ora sida dak uleng temenan kowé mengko.”’
Kenja sakloron gumuju bebarengan, katon banget rukun pasadulurané, gegandéngan linggih manéh ana sangisoring wit tandjung gedé kang ajom, ing sadjtoning pakarangan asrama wanita ing pantiroga.