52
Ing kalané pinudju nganggur, Rara Hartati sok nglalar lan nlusur lelakoné ḑéwé, rusaking atiné nalika dibaléndjani déning tilas patjangané. Nalika samana saking bangeṭing muringé, nganti ṭukul rasané, kaja ora ngandel manèh marang kang awudjud titah. Kếlingan nalika njabili rasané kang ora-ora mau, kanți tumandang ing gawé nganti luwih saka mesṭiné, nanging meksa ora bisa gawé menḍaning muringé. Bandjur ketungka ana rasa anjar, kang tansah isi galibeding Wiwaha, kang bisa ngenḍakaké derenging nepśuné. Ketungka manèh tekané kertupos saka Sala. Lajang iku kaja duwé kemat mandi, déné bisa njirnakaké laraning atiné Sang Rara. Blegeré R. Hardana ora mung surem baé, malah bandjur sirna-larut déning kenḍih ing djenggerenging Wiwaha. Iku kang bandjur ora kena dilali-lali manèh, ........... malah bandjur nuwuhaké seḍihing atiné Hartati, amarga enggoné ora bisa mbuwang rasané kang anjar. Djalaran saka iku Hartati bandjur nékad mlebu dadi murid tjalon ḍukun baji ing Semarang, Samana wis kelakon panggajuhé, nanging sanadjan nemu katentremaning ati sawetara, meksa ora bisa mbuwang rasa tresnané marang djedjaka kang mèh ngurbanaké djiwané, djalaran arep mitulungi dèwèké. Iku tansah nenangi panalangsané marang kang Murbeng Alam. Mungguh ta kewetua ing akèh batiné Rara Hartati nalika samana, mangkéné: „Ẻ...... ế...... kok ja betjik temen lelakonku iki. Muga diparingana kuwat. Mas Wi, wong sampéjan sing marahi, jèn pantjèn ora arep bisa kepetuk manèh baé kok ndadak awèh lajang barang."
Rara Hartati ndjeginggat, kagèt diundang mitrané: „Tati, mbakju Tati, botjah manis, botjah merak-ati, aku tulungana njongkèt tungkakan kaos sikil. Isih lali-lali baế kok, tjah aju."
Hartati tumanggap ing pagujon: „É, é, tobil-tobil, aḑiku tjah kuning ḑéwé, ija-ija tjah manis. Tjoba kaja apa dak tulungi adiku sing manis ḑéwé kijé, rénéa, rénéa Tut, Aṭoooo, lo kok ndjiwit."
Astuti (mitrané): „Ijuuung mbaķju, manismu jèn ngono iku anduleg temen ta. Saja jèn anggonmu guneman srowal-srowol mangkono iku, ijuuung-ijung, panteeeeeeesss, pantes. Gonas-ganès nènès patut, kaja Dyah Wara Srikandi."