Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
50

murid tjalon dukun baji. Nalika pamitan arep bali marang anaké R. Harga ndjupuk kertupos kawuk saka kantonganing dijasé bandjur diulungaké marang Rara Hartati karo kanda: ,,Tati aku rak isih njimpeni kertupos kang saka Wiwaha bijén kaé, Amarga lajang iku surasané tumudju marang kowé, betjiké kowé sing wadjib njimpeni. Mula iki tampanana lan simpenen.”
Rara Hartati nampani kertupos mau karo ngruntuhaké luh, amarga rumangsa kaluhuran ing sabda. Tétésing eluhé minangka waléhé Sang Rara marang wong-tuwané, apa wewadi kang isih kineker ing batiné.
Sirahé Sang Rara dielus-elus ing bapakné karo kanda mangkéné: ,,Nduk, satemené bapak lan ibu wis wetara suwé ngerti apa kang dadi rasaning atimu. Sumurupa Tati, bapak lan ibu ora apa-apa babar-pisan marang kowé, amarga njatané ora ana tindak lan tandukmu kang njléwéng saka angger kasusilan babar-pisan. Bab iku gawé gedéning atiné wong-tuwamu, apa manéh sabeneré aku lan ibumu tjotjog banget menawa Kapareng ing Pangéran kaja kang ko-karepaké. Mula nggér, dimantep panjuwunmu ing Pangéran. Adja pisan tinggal ing wewéka, diéling marang apesing manungsa lan diawas marang pamurunging laku, kang wudjud goda-rentjana gedé-tjilik agal-alus. Wis nduk, slamet.”
Rara Hartati mung kari bisa kamisesegen, déning saja deres wetuning eluhé.

***

Wis antara patang sasi anggoné Hartati sinau ana ing pantiroga Semarang. Kedjaba pasinaon mligi kanggo mitulungi wong manak, uga diwulang mulasara wong lara lumrah, njrambabi
panggawéaning para djuru-ngupakara-wanita.
Nalika isih anjaran Rara Hartati kerep rumangsa méh ora tahan lan ora mentala ngupakara bangsaning tatu, gudik, kowak lan lija-lijané. Nanging suwé-suwé kulina. Rong sasiné wis ilang minggrang-minggringé ngupakara tatu-tatu apa baé, ora wigih lan ora duwé wedi ngupakara lan ngusung majiting wong-wong lara kang