Namaning serat waosan punika : Djoḍo kang pinasṭi. Mirit ungel-ungelaning wewarah sampun tjeṭa, djoḍo ingkang makaten punika anotjogi kados kadjenging ungel-ungelan : djoḍo (bodjo) punika sanès dedamelaning manungsa, limrahipun ing utjap, atas saking kaparenging Pangéran. Wontenipun ngantos dipun sanépakaken makaten, namung baḍé ngantukaken, bilih djedjodoan punika pantjèn gawat. Boten kekirangan tetuladan ingkang kanggé nggambaraken, Tijang ingkang pinatjangaken sangkaning laré, dumugining diwasanipun djugar boten dados. Kosok-wangsulipun paribasan ingkang namung kepeṭuk ladjeng dados djoḍo genḍon-rukon ngantos dumugi kakèn-kakèn ninèn-ninèn. Déné pinanggihing tata kalimrahanipun ing djaman sapupika, djedjodoan punika tuwuh wonten ingkang baḍé nglampahi, boten saking pamilihing tijang-sepuh, tumraping tijang-sepuh namung kantun najogjani.
Makaten ugi manawi miturut ngèlmi kadjiwan, tijang punika sampun rumagang pijambak menggah ing diwasanipun, inggih kadiwasan punika ingkang baḍé ngrampungi.
Ingkang makaten punika kados sampun boten kénging dipun pabeni. Keleresan utawi botenipun sampun dados tetanggelanipun ingkang nglampahi.
Nanging sedjatosipun tumraping tijang-sepuh ugi boten tilar pamawas tuwin pamrajogi, awit raosing tijang-sepuh punika boten sampun-sampun anggèning tansah ngéman dateng anak, dados