Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
47

wolak-waliké, Ja djalaran saka iku R. Hargg. weruh menawa kertupos mau mentas diwatja ing anaké manéh. Nangig sanadjan tansah weruh pamatjané Rara Hartatj lajang saka Wiwaha iku,
R. Harga lanang-wadon ora pisan njruwé. Malah ana rasané kepara lega. Kapindo tindaké Sang Rara ora ana kang nerak marang kasusilan, Kang katelu déné R. Harga tjotjog banget menawa duwéa mantu kaja déné Wiwaha. Mula R: Harga sakloron pada andedonga ing batin, kabula apa kang dadi pangadjapé anaké, djandji ora njimpang saka anggering kasusilan baé.
Katjarita sawidjining dina ing wajah soré, Rara Hartati kanda marang wong-tuwané mangkéné: ,,Bapak sakalijan, kula keparenga matur. Sampun sawetawis dangu, kula kepéngin sinau njambut damel ingkang murakabi dateng bebrajan. Wawasan-kula, pandamelan ingkang njotjogi kados atur-kula wau, manawi kula sinau saha ladjeng saged dados dukun baji. Punapa sakinten bapak sakalijan marengaken, kala sinau lan dados dukun baji ing béndjingipun ?”
R. Harga sakloron kang sedjatiné ija wis kerep. rerasan déwé bab laraping rasa katresnané Rara Hartati marang dajohé lan uga tansah anungkuli anggoné peperangan sabil ing batiné anaké, apa déné rékadaja anggoné ngalang-alangi adja nganti njimpang saka
dalan kang bener. Bareng krungu kandaning anaké mangkono mau, sanalika ngerti apa kang dadi sedyané, R. Harga mésem mantuk-mantuk karo kanda mangkéné: ,,Nduk, mesti baé bapak lan ibu
nglilani marang kekarepaning anak kang marang kautaman lan karahajon. Nanging ‘kabéh iku kudu dipikir disik murih betjiking tumindaké”.
Hartati: ,,Inggih bapak, déné bab panjuwun-kula wau boten djalaran saking boten remen njambut damel wonten ing grija, namung ketarik saking pepénginan-kula gadah seserepan tuwin lelabetan saé wonten ing gesang bebrajan ing donja.”
R. Harga: ,,Ija nduk, bapak mbeneraké banget marang panemumu kang mangkono. Iku, mupung kowé isih enom, dadi ora ngutjiwani ing bab tumindaking gawé. Nanging kuwatiring atiku, menawa derenging karepmu iku djalaran saka laraning atimu marang tilas pepatjanganmu R. Hardana kang saiki wis krama oleh putri ing