46
Ing wusana dieng, sumangga sami donga-dinonga rumijin saking katebihan, mugi sami manggiha suka basuki tuwin kadumugėna ing panuwun. Pangabekti-kula katura bapak saha ibu, saha taklim-kula ḑateng pandjenengan.
Wiwaha.
Njat, Rara Hartati ngadeg, bandjur mlebu kamar panulisané ramané, sedjané arep matja kertupos kawuk manèh. Loroganing médja tulis digèrèd sawetara, kertupos kang dikarepaké katon sumèlèh ana ing panggonané lawas. Kertupos mau bandjur ditjekel karo mèsem. Sang Rara linggih ing kursi sangareping médja tulis. Kertupos tansah diiling-ilingi lan diwatja. Sanadjan surasané wis apal, nanging pamatjané sadjak ora kemba-kemba. Sawisé diwatja ora énggal disèlèhaké, isih disawang-sawang. Sadjaké Sang Rara lagi ngemataké tjéngkoking tulisané kang gawé lajang. Hartati mèsem-mèsem, batiné: „Mas, mungguh njambut gawé, pandjenengan iku pantesé gèk dadi apa. Mungguh dadia komis utawa bangsaning garap tulis, ajaké mesți orané, amarga tulisanmu ora bregas. Sadjaké jèn prakara nenulis rada dadi sirikanmu, tanḍané nganti sapréné, pandjenengan durung paring kabar manèh. Apa pandjenengan wis olèh panggawéan. Tjandramu kang sarwa saguh iku, sadjaké pandjenengan ora wegah ing samubarang gawé. Aku duwé piandel, menawa pandjenengan iku klebu unusaning manungsa kang utama. Ééé, jatalah temen uripku. Nanging sepuluh dikapakaké, wis saméné begdjaku. Tjekaké mas, jèn pandjenengan iku pantjèn pinasți dadi djoḍoku peparingé Kang Maha Kuwasa, sanadjan ana ing lak-lakan naga pisan, mesți bakal gaṭuk saka panguwasaning Kang Gawé Lelakon. Betjiké ing saiki aku tak njambut gawé baé, sanadjan ja mung sagawé-gawéné, utamané menawa bisa mitulungi lijan, gawé lelabuhan betjik marang nusa lan bangsa. Mbok-menawa tumrapé aku, kang bisa dak lakoni, mung panggawéan ḑukun baji. Bau lan pikiranku ajaké tjukup dak anggo ngudi pasinaon bab kuwi. Wis, betjiké dak dadi ḍukun baji baé, bèn adja kekerepen ngalamun".
Kertupos kawuk mau bandjur disèlèhaké ing panggonané lawas nanging mesti baé owah sawetara bab alang-udjuré, apadéné