Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

45

ngranuhi. Saja tjeța tjumiṭak ing ati, blegeré Wiwaha, linali-lali saja ngléla, kinipat-kipataké teka lumèngkèt.

Sang Rara satemah ngakoni sanadjan mung marang batiné ḑéwe, menawa katresnané wus ngalih tumplek bleg, marang kang nulis kertupos mau.

Wis rambah-rambah pamatjané Sang Rara, malah wis luwih kaping sepuluh, nanging ora duwé bosen marang surasané. Dudu wosing isiné kang ora amboseni ikų, nanging anggoné ngélingaké marang wewudjudané kang nulis, apa déné lelabuhané. Mungguh isining lajang mau mangkéné:

Surakarta ............. 19......

Serat katur ingkang raji Radèn Rara Hartati ing Purwaredja.

Sasampuning kadya punika, nuwun wigatosing serat, ........ anetepi djandji-kula nalika pamit ngladjengaken lampah, kula baḍé ngaturi kabar ladjenging kawontenan-kula, angsal berkahing Gusti, pangèstunipun bapak ing Purwaredja sakalijan, tuwin pandonga-pandjenengan, kula manggih rahardja, dumugi, ing ngarsanipun tijang-sepuh-kula, boten kirang setunggal punapa, ing ngriki ugi makatena.

Déné sapinten renaning panggalihipun tijang-sepuh-kula, tuwin bingah-kula, kados pandjenengan saged anggambaraken, déné sampun wetawis kalih taun kula boten pinanggih.

Ing salebeting gegambaran rama-ibu-kula kados sampun wanuh kalijan kulawarga ingriki sadaja. Mila sareng punika kula nglantaraken taklimipun ḍateng bapak ing ngriki sakalijan, saha pamudjinipun ḑateng pandjenengan. Nalika kula njarijosaken lelampahan ing Purwaredja, sadaja sami kepéngin sesrawungan ngladjengaken pasaḍérékan kalijan kulawarga ing ngriki. Bab punika sampun kula sagahi, samangsa wonten wekdal ingkang prajogi. Mila ing sawantji-wantji pandjenengan mesṭi badé ketamuan kulawarga-kula.

Wondéné kasagahan-kula ḑateng bapak, baḑé wangsul tuwi malih ing béndjing samangsa kula sampun tjepeng-damel saha sampun tentrem sawetawis.