Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
IV. KERTUPOS KAWUK


Wis wetara patang sasi Radèn Hargaprawira manggon ing kuṭa Kendal. Omahé dumunung ing sawétan dalem Kabupatèn let limang surup. Déné ngalihé mau mung wetara let rong sasèn karo lelakon anggoné nemu pamitran anjar, nonoman kang mèh numbuk anaké wadon bijèn. Sanalika Radèn Harga uga kirim kabar bab ngalihé marang R.M. Wiwaha. Nanging nganti suwé durung ana kabar manèh saka anaké temon iku.

Ing sawidjining dina Rara Hartati lungguh ana sangareping djendéla kang menga sumeblak. Kerep baé salah sawidjining kulawarga Hargaprawiran lungguh ana ing kono, amarga jèn saka kono mau paḍa bisa njawang sesawangan kang éndah nglangut, gawé sengseming pandulu. Nanging nalika samana Rara Hartati sadjak ora ngrasakaké marang éndahing sesawangan, sanadjan uga njekel buku watjan kandel, nanging ora diwatja. Sadjaké Sang Rara nudju kena ing sambang-palamunan. Apa baja kang dadi rasaning atiné ?

Sedjatiné kang digagas-gagas Rara Hartati, déné anèh temen, awaké mèh waras laraning ati anggoné diserikaké déning tilas patjangané. Malah nalika matja pakabaran anggoné Radèn Hardana pepatjangan karo R. Rara Srikandani, putrané ingkang Wedana ing Bodja, Rara Hartati ora duwé rasa serik utawa anggrantes. Ngapaa teka atiné bisa ngéklasaké kang samono. Apa saka pituturé rama lan ibuné. Apa djalaran saka keslamur anggoné nindakaké panggawéan balé-omah kang luwih abot. Bisa uga ana kang djalaran saka iku. Déné sabeneré kang dadi tambaning prihatiné iku, saka daja kang dumunung ana sadjroning kertupos kawuk, kang saiki dumunung ana ing sadjroning latji médja tulisé ramané, Kertupos mau asli saka Sala, ditulis déning sawidjining djedjaka kang mèh ngurbanaké djiwané, kanggo mitulungi Sang Rara. Ing sekawit ketariking rasané marang djedjaka mau, mung dikira déning kepotangan njawa, dadi mung rasa panarima baé Nanging suwéning-suwé rasa mau djebul saja bebles, mindeng