Menyang kontèn

Kaca:Djodo Kang Pinasti.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

41

Wiwaha bandjur metu, niliki kang paḍa tatu lijané. Endi kang ambutuhaké pitulungané, bandjur ditulungi. Mangkono mau nganti ésuk djam 7 lagi pada bali diteraké nganggo oto marang Kalidjati. Garwané R.M. Subrata A.W. Kalidjati wis ngaḍang ana ing penḍapa. Samana banget ngarep-arep konduring raka lan ipéné. Sanadjan wis dandos pisan Dènaju A.W. isih katon karipané, amarga sawengi muput bandjur ora bisa saré manèh, tansah memudji slameting kakung dalah ipéné. Ja mangkono iku aboting dadi garwané prijaji Pangrèh Pradja. Ing wajah dudu wajahé kudu nglilakaké angkating kakung kang ditresnani, menawa ana gawé parigawé kajadéné tandang kojok kètju lan durdjana lijané, sanadjan ngertos sapira geḍéning bebajané tandang kaja mangkono mau. Garwaning prijaji Pangrèh Pradja, kudu négakaké angkating kakung, nglakoni ajahaning Negara. Rawuhing rakané dipeţuk kanți sumèhing polatan, ngatonaké bingahing panggalih, déhé kang raka wis rawuh kanți wiludjeng. Pambagéné arum arenjah: ,,Sugeng mas, rak boten wonten punapa-punapa ta salira pandjenengan? - Slamet Wi, keprijé kabaré ?"
A.W.: ,,Alon sik bu, mengko dak dongèngaké. Sing wis genah, keslametanku lan aḍimu.".
Wiwaha: „Nuwun mbakju. Satemené já ana apa-apa ding mbakju, amarga kamas lan aku ngelak banget saiki. Tur duwé pamilih wédang kopi."
A.W.: ,,Sing kentel, kanggo tamba ngantuk. Sawengi ketjeput ora turu."
Dènaju: ,,É, wis dak saḍijani kabèh tjekaké, ora susah kuwatir. Ning mang tjritakaké sing tjeța nggih pak mangké ?"
A.W.: ,,Ija, ija. Kodjur ané, wong nguwèhi wédang kopi baé ndjaluk idjol dongèng."
Dènaju: „Dahar endog nggih pak.-Kowé ija Wi?-Setengah mateng napa kanggé djampi mentahan."
Wiwaha: ,,La di-idjoli apa kuwi mbakjų?"
Dènaju: ,,Ja di-idjoli tjrita kang tjeṭa lan dawa ta?"
A.W.: ,,Iki tékadé apa mung ko-rembugi baé, apa ko-wėdangi lan ko-kapak-kapakaké ?"
Dènaju : ,,Ééééé, sabar ta, la nika galé saweg diladèkaké si Jem."